Saben dina,saben teka wayah wengi.Aku lan tunggal sak bangsaku padha digawe geger,di opyak - opyak kantentremanku.Ora kana ora kene,sak ngendi-ngendi parane,getih pating dlewer,nyawa ucul okehe ra kena diitung. Aku lahir tanpa ngerti sapa bapakku sapa ibuku,kat cilik aku wis awor diopeni karo tunggal-tunggalku.Kebutuhan pangan ora tau kekurangan,aku kepitung cukup.Vitamin ora kendhat,vaksin anti penyakit yo ora kurang,panggonan yo ajeg resik tanpa kudu resik-resik,wis enek sing dijatah ngresikki. Aku lan tunggal-tunggalku saben dinane yo mung kepenak,ana sing ngasuh.Saben ndinane disetelake lagu-lagu,yo kadhang pengasuh-pengasuh kui mau ana sing ora pener anggone nyambut gawe,nanging ora dadi masalah aku lan tunggal-tunggalku tetep kepenak. Tengah wengi nalikane aku lan tunggal-tunggalku turu,aku krungu swara gemuruh,rada kantrog aku banjur tangi,nyawang kahanan biasa-biasa wae,malah enek tunggalku sing lagi mangan,aku bali turu meneh saking ngantuke. ' jeglek br...
Komentar
Posting Komentar