Langsung ke konten utama

NGLAMAR DEK NUR

NGLAMAR DEK NUR
---------------------------------
" Yuh rasane dek lego tenan rasane atiku..."
 Saka dongane wong akeh..sing akhire di kabulake Gusti Pangeran,wengi kui wong sak desa pada sukuran bareng-bareng nggodhog talok.Slondhok sing kondhang juragan talok neng ndesone yo melu sumbangsih talok 3kg mergo lagi podho seneng kabeh wong sakdeso.Koyo-koyo kukul sing mentheng-mentheng akhire mecothot,lego.
----------------------------------
 -Slondhok : weeeee nyo ki tak kekki talok 3 kilo di godhog bareng yo caah ! (.karo sumringah kae sing ngulungke )
-Jumanto  : yooo sippp ning jane ngene iki ki pendhak dina ndhok..
-Slondhok : hayo pendhak dina gundhulmu kui hahahaha iki wis aku melu seneng Ngatemin sido lamaran haha,wis sik kono yo,podho di penakke...aku tak glidhik sik..
-Jumanto : turnuwun lho ndhok kowe pancen jos..
-Lastri : iyo masss apikan men gelem ngekki talok yuuuuuuhh ..
-------------------------------------.
 Wengi kui kabeh wong podho seneng mergo salah sijine pemuda sing jane ra karu-karuan ning berhasil nglamar kembang ndeso neng ndesa kono...dadi penting di rayakake mergo yen di sawang perjuangane ngasi isoh lamaran wis koyo nggon tipi-tipi...koyo sinetron rintangane akeh,lika-likune dowo ora karuan...pemuda sing jenenge Ngatemin kui mau pancen patut diacungi jempol perjuangane..mulane warga  ndeso podho ngrayakake. kepiye jane usahane kok ngasi di rayakake wong sak desa? ngene critone ndheeekk
-------------------------------------
-Ngatemin : To..yo neng mesjid yo..ndarus bareng
-Karto : wah tai koe ki gayamu thok..padune gur arep madik-madik Dek Nur
-Ngatemin : kui ki wis misi liyo To..aku pancen pengen ndarus og..
-Karto : aaashh yowis ayo..aku yo arep golek apem mbi gedhang hahaha
-Ngatemin : kowe no gur badhokan wae sing mbok gagas...
-Karto : gen..mumpungane enek...yohhh mangkaaaaat
-------------------------------------
 Cah loro podho semangate neng mesjid,karo dolanan sarung di userke di umbulke munggah..nyaut rambutan nggone tangga-tanggane..nyumeti mercon omahe tanggane..wis ra karuan..yo bayangno nakale neng ndeso yo gur ngono kae ning gayeng,dhelikan tinggal ngising,balbalan wis okehlah koe mesthi yo dho ngrasakke gayenge jamam mbiyen.
-------------------------------------
-Karto : sik min..lha opo koe ki isoh ngaji?
-Ngatemin : hayo di awur penting ngetok to..ketok nyimak..hahaha
-Karto : wedhus koe ki..
-Ngatemin : yo saiki ngrungokke sik to To..lak isoh dhewe,wong Gusti ki sing nyiptakne aku rodo sepeksial,gur ngrungokke ro nyimak we isoh dhewe kok hahaha
-Karto : hahaha yo yo percoyooooo..
( tekan mesjid ora langsung mlebu,wisoh-wisoh sik to yooo,raup ben padhang, )
-Karto : lha ayo mlebu min... liwat ngendi iki..
( Ngatemin malah nginjen soko koco jendhelo pinggir mesjid )
-Karto : we dul..malah nopooooo? ayo gage
-Ngatemin : sik-sik aku dheg-dhegan sik .. wasuuu eh.. astagfirullah..
-Karto : haha wong edyan,gur ngono we dheg-dhegan dul dul..
-Ngatemin : sik sik wah asem tenan piye iki
-Karto : wis ayo thek..lak mlebu butoh nggogok wis..ngenteni rampung lak mangan apem
-Ngatemin : wah yo ayo ...
( karo dheg-dhegan ngatemin rodo bingung naliko mlebu,lha Karto no malah ngujus wae wong sing di karepke gur mangan apem,Ngatemin jan byur byuran atine...raine abang ireng nyawan sekilas Dek Nur ndarus dadi kopyor angen-angene.wong wong sing neng njero podho ngematke Ngatemin sing ketak-ketek abang ireng raine karo dho mesam-mesem )
-Karto : dul rupamu lho abang ireng ( bisik-bisik )
-Ngatemin : menengo !
( Anggone ngatemin nyauri Karto banter tenan,wong-wong ngasi dho noleh ngematke Ngatemin karo dho ngampet ngguyu.Ngatemin tambah kopyor )
-Karto : Nyedhakke lambene neng kupinge karo mbisiki " k  o  p  l  o" hahaha
-Ngatemin : mbuh menengo ( karo lirak lirik Dek Nur )
( Sing dho ndarus,akhire rampung...Ngatemin seneng tenan iki,mangan apem entek pirang-pirang iseh mangan gedhang barang,lha ngatemin blaaaas ra mangan..saking bingunge kudu piye,,gandheng yo umume wong ndeso NEK ENEK ANANANAN MESTI TOWO-TOWO)
-Pakde Ndimik : Min, ki lho mangan-mangan apem po gedhang raimu abang ireng ngono arep semaput yo?
-Mas Kasidi : nyo iki miliho ( karo ngulungke )
-Ngatemin : nggih mpun mangkih kulo mendhet ..
-Karto : halah niku lak gur arep madik-madik Dek Nur to mboten sah di tawani mawon..
( Wong sing dho neng kono dho ngguyu kabeh,Dek Nur dhewe yo isin...Ngatemin yo gur isin..)
-Mbah Pinah : oalaaah raimu abang ireng ki gur lehmu ngematke dek nur to min?..
( hahahahahahahaa )
-Ngatemin : mbisiki Karto " wedhus koe ki"
-Karto : beeeen  kesuwen ..
( Bubaran ndarus mbi mangan apem... Podho metu siji-siji..gare wong piro ngono paling,ning ketok Dek Nur lagi ngresiki nggon karo noto2 nggone..ngatemin memberanikan diri boosss )
-Ngatemin : Dek,mejone kulo singkirne mawon ( iseh abang ireng )
-Dek Nur : Mpun mas,kulo kuat kok..
-Ngatemin : ( karo maju nyekel mejo ) mpun mpun kulo singkirne..
-Dek Nur : nggih mas..
-Ngatemin : Dek,
-Dek Nur : dalem mas..
-Karto : i love you dek..hahaaha ( nyaut rembugan )
-Ngatemin : mboten ding..cah ngawur niku
-Dek Nur : hehe mboten nopo-nopo mas..
-Ngatemin : mpun ajeng mantuk dereng?
-Dek Nur : mpun mas..mpun wengi..
-Ngatemin : Oh nggih mpun naknu..
-Karto : Sokorrrrrrrrrrr  ( nyaut meneh )
-Dek Nur : pamit riyin mas..nggo mas karto..nggo pakdhe..
( yo dek ati-ati..)
-Karto : ayo dul pujaan hatimu wis bali
-Ngatemin : Yo dhus yooooo bali !!!
-Karto : mantuk riyin pakdhe...
( yoo yooo kono ati-ati kancamu di gondheli isih ndredheg ora kui " hahahahaha" )
-Karto : Siap pakdheee
-Ngatemin : pamit riyin...
----------------------------------
Neng tengah perjalanan bali..yo dho rembugan biasa koyo kowe nak rembugan mbi tanggamu ngono kae..karo dolanan sarung koyo mau..ning iki dho mandheg neng pertelon cedhak omahe cah loro kui ora mabuk lho..wong ndeso kono dho rakenal mabuk.
----------------------------------
-Ngatemin : sik to kene njaluk mercon mu ijek ora cepet..
-Karto : yo ijek telu nyo..
(( Ngatemin weruh bebek ndhekem neng ngisor titian ( titian means teh-tehan : seperti semacam tanaman yang bentuknya menyerupai teh begitu..biasa di fungsikan sebagai pagar hiasan depan rumah ) bebek kui mau di uncali mercon ora mlayu malah mercone di sosor lha durung sido di eleg lagi neng pucuk cucuk/cocore bebek kui mau,mercone mbledhos..bebeke mati.)
-Karto : matane cah... pekokmu min  mati lho ( panik )
-Ngatemin : hahhaha wis ben ayo lak bali
-Karto : pekok tenan koe ki .. kui bebeke lek tono min
-Ngatemin : wah opo iyo ? we ayo lak bali ( panik )
-Karto : modaro koe sesuk konangan aku ramelu-melu
( Cah loro dho gedabikan mlayu nengomahe dhewe-dhewe..dho dadi wedi bar mateni bebeke Lek Tono, Lek Tono kui pak RT ndeso kono..lha  isuke dadi geger gedhe..Lek Tono metu ko ngomah ngerti bebek'e sigar cucuk'e langsung nangis,tonggo-tongone dho metu gempar wong sak deso,mas kasidi nuthuk penthongan langsung dho ngumpul kabeh wong ndeso..padhahal dhekne rungerti enek opo butoh nuthuki penthongan)
----------------------------
-Lek Tono : ( nangis gerok-gerok ) " oalah to mbookkmuuuuu sopo iki sing mateni bebekku mbokmuuuuu yungalah to ngger kok sigar cucukmuu to nggeeerrrr ( ngelus elus bebek'e sing -mati terus di gendhong mlebu ngomah )
-Mas Kasidi : wah ndladhuk tiwas menthong hahaha gur bebek mati.
-Mbak Warni : Le...Min galo kae nggone pak RT rame uwong inguken nopo..
-Ngatemin : opo to mak..paling bebek mati
-Mbak Warni : lha kok koe ngerti ?
-Ngatemin : lhawong aku yo gur ngawur hahaha
-----------------------------
Tanpo di nyono-nyono,kabar bebek mati kui tekan ngendi-ngendi..Karto timbul rasa bersalah sing ra karu-karuan neng atine.
-----------------------------
-Karto : Min,aku wedi min..piye penake opo awakedhewe nemoni pak RT?
-Ngatemin : sik to...wah piye yooo tai tenan..yowislah yo rono yo...
-Karto : yowis to lak mangkat wae yo sedeh aku
( Lha iki cah loro mlaku bareng iki..neg ndalan pikirane ra tenang..podho wedine yen di sampluk Pak RT...ning yo tetep di wanek-wanekke daripada terus-terusan ora penak yo ra..)
" der der der " Karto ndhodog koco omahe pak RT ..
-Ngatemin : to..matane lho..mbok ndhodhok lawang !
-Karto : wah iyo..gumyur tenan aku..
" grek ngeeeeeeeeek " Pak RT/Lek Tono mbukak lawang..
-Lek Tono : Weh dho nopo cah?
-Karto : anu Lek.. badhe ngomong..
-Lek Tono : ngomong opo..wis ayo mlebu kene..
-Ngatemin : ngeten lek..kulo ndherek sedih bebek mati niku..
-Lek Tono : yowislah rapopo piye meneh pancen durung rejekiku..ning yo mugo-mugo sing ngonokke bebekku kui entuk balesan setimpal
-Karto : sik lek..ngapunten sing mateni niku Ngatemin mbeto mercone kulo.
-Ngatemin : nggih lek..nyuwun pangapunten lek..
-Lek Tono : yungalah koe dho tegomen to leeee leeee ya alloh..
-Ngatemin : nggih lek saestu kulo mung ajeng guyon malah mati lek.. ngapunten
-Karto : pokoke kulo siap diukum lek..penting kulo nyuwun pangapunten.
-Lek Tono : wis wis lek dho balio wae wis tak ngapurani...
( Lek Tono iseh setengah hati...sakwise cah loro dho bali..Lek Tono cerito karo bojone bab sing mateni bebek e... bojone crito karo tangga-tanggane..tangga-tanggane yo otomatis crito..ro wong-wong..ngasi tekan Dek Nur..wong tuane Dek Nur yo krungu.. )
-----------------------------------
 Liyo dinane...Dek Nur iki ketemu Ngatemin neng acara kerja bakti ndeso...sing lanang-lanang dho ngusung rabuk..sing wedok dho resik-resik ndeso...anggone leren mangan bareng-bareng neng kene Ngatemin rodo kendel wis ora ndredheg wis ora gemeter..ngasi metu kata-kata tak terduga soko Ngatemin
------------------------------------
-Ngatemin : Dek Nur...
-Dek Nur : nggih mas...
-Ngatemin : Gemblong purun?
-Dek Nur : Purun tapi tak mendhet kiambak..
-Ngatemin : tak jipukke wae..aku wis wisoh kok..tanganku resik..
-Dek Nur : mpun  mbotensah mas.( rodo judhes )
( Ngatemin kroso ora penak neng atine..ning dheweke tetep berusaha nawani " dhasare wonge ngoyokkan" )
-Ngatemin : mbok tak jipukke mawon..
( Dek nur sing " watakke nesunan" langsung semingkir .. wong akeh dho ngguyu kabeh ndelok usahane ngatemin gagal,ngatemin njajal golek ngerti npo kok Dek Nur ki nesu )
-Ngatemin : mas mas..mas kasidi..kok dek nur ki nesu nopo mas...
-Mas kasidi : Lha koe po rangerti? takono wong sakmene iki lak dho ngerti..koe ki nggagaso,dek nur wong apik..koe pembunuh bebek !
-Ngatemin : wah opo iyo to mas..
( Bali ko kera bakti..perasaane ra karuan..Ngatemin bingung kudu piye.. wis kadhung di csp pembunuh bebek..dek nur nesu.. pirang-pirang ndino wis njajal di rorohi pendhak pethuk..ning Dek nur mung semaur nggih thok lak lungo..kanggo nek meh sesasi we.sing nesu.mergo kasus pembunuhan bebek kui mau yo iseh membekas neng masarakat mergo saking mengenaskane kondisi jenazah bebeke sing sigar cucuke.. ngeri... suwe-suwe Dek nur dhewe yo menyadari nek pancene ngatemin ki slengek'an kongono kui..sithik-sithik dek nur mulai adem..ora ngenteni di rorohi wis gelem aroh-aroh karo ngatemin..)
-Karto : weee min..reneo tak rohi..
-Ngatemin : opo?
-Karto : kae deloken Dek Nur ngumbahi cambah neng kali kono kae..
-Ngatemin : ndi tenane?
-Karto : yo tenan to paranono gage manpaatke kesempatan ning ojo di blusukke nggalengan
-Ngatemin : matamu kui.. aku ra kongono kui
-Karto : yowis to gage rasah kesuwen ...
( tanpo mikir Ngatemiin langsung gas marani dek nur..isih sangu arit.)
-Ngatemin : " wah sujokno aju nggo arit..keno nggo modus ngumbah arit neng kali" ..
-Dek Nur : ajeng teng pundi mas..
-Ngatemin : ( kaget kok dek nur aroh-aroh ) woh iki dek..arep ngumbah arit ki to..lagi nopo to dek?
-Dek Nur : ngumbah cambah niki to mas...
-Ngatemin : ( Memberanikan diri njipuk kesempatan mumpung komunikatif ) Dek nur..aku seneng sampean..sampean gelem tak lamar?
-Dek Nur : " Kaget "  heeeeeehh npo mas?
-Ngatemin : anu dek..sampean gelem tak lamar?
-Dek Nur : ( dilema dilamar pembunuh bebek ) sik mas kulo mantuk riyin ( Cambahe di tinggal neng kali mlayu bali... jane dek nur ki yo seneng ngatemin..gur  dek nur kaget dilamar neng pas ngumbah cambah..)
-Ngatemin : wah piye ki..opo ragelem yo malah mlayu bali..( lha ngatemin nduwe inisiatip..nggawakke bali cambahe dek nur..diterke tekan ngomah..)
( Tekan ngomahe Dek Nur..dek nur malah ndhelik neng kamar saking dheg-dhegane..Ngatemin kulonuwan-kulonuwun sing metu pakne dek nur..yo ngatemin bingung to yo..wong pakne deknur ki guru ngaji..rodo rodo gragapan ngatemin njelaske )
-Ngatemin : pak pangapunten..mbak nur wonten?
-Pak Man : oh enek sik sedelo tak celukke sik yo..oh arep piye to..
-Ngatemin : niki pak..wau teng nglepen cambahe keri...
-Pak Min : O yowis kene mlebu sik di nteni sik ..
-Ngatemin : o nggih pak..mpun kulo nteni mriki mawon..
-Pak Min : yowis tak celukane sik..
( Ngatemin wis lego-lego piye ngono ngrasakke tanggepane pakne Dek Nur..ternyata biasa wae ora koyo sing di bayangke..jan jane yo ngatemin pengen mlebu ning isih isin mulane dhekne mutusake neng njobo wae karo nunggoni cambah..neng angen-angene ngatemin mbayangke nek dek nur gelem di lamar naliko kui..ngatemin meh gawe puisi sing judule
TRESNO LUMANTAR CAMBAH
Dek..upomo tresnaku cambah
aku lilo nunggu kanthi pasrah
tekaning cambah merekah
aku bakal obah lan pasrah pantang menyerah
  Dek..upomo rindhuku iki cambah
  aku bakal nunggu nganti tekaning wayah
  nganti cambah biso di pangan kanthi bungah
  hahhaaaaaaahhhh deeeek deeeekkk )


-Dek Nur : Mas..
-Ngatemin : weh dek..ki cambahmu lho,mbok tinggal
-Dek Nur : hehe enggih mas..kesupen
-Ngatemin : lha mlayu wae kok..
-Dek Nur : wah pripun nggih mas..lha kaget
-Ngatemin : lha piye dek..gelem po ora nek tak lamar..
-Dek Nur : wah pripun nggih mas..
-Ngatemin : yo ojo pripun eg..
-Dek Nur : nggih mas..
-Ngatemin : nggih piye dek?
-Dek Nur : nggih purun mas..hehe
" MAK' EEEEEEEEEEE " Ngatemin mbengok..
-Dek Nur : heh mas..njenengan ki npo lho?
-Ngatemin : wah  seneng tenan aku dhek.. suweeeeenneeeng tenanannnnn
-Dek Nur : mboten sah seneng riyin wong dereng taren bapak ibuk kok..
-Ngatemin : wah iyo ig yo.. sik yo dhek.aku tsk bali sik..yo njajal tareno bapak ibuk sik piye-piyene tak rene meneh dek.
-Dek Nur : nggih mas..
-------------------------------------------
( Ngatemin mlayu bali karo seneng atine.. tekan ngomah krenggosan , karo seneng raumum Ngatemin celuk-celuk makne..)
-Ngatemin : Mak...mak'eeeee..
-Mbak Warni : Nopo?
-Ngatemin : Dek nur gelem tak lamar...
-Mbak Warni : dilamar piye? lha nur e gelem tenan ki opo yo wis taren wong tuane?
-Ngatemin : durung mak,jare arep taren sik ngono..
-Mbak Warni : lhawong yo durung kok senengmen dul duul..
-Ngatemin : sesuk tak genahne buwooossss !
( isih nenggon nuansa seneng mau..ngatemin ora sabar ngatemin ora tahan yen ora crito karo wong liyo..mergo rasane wis koyo ngimpi,dek nur gelem mbi dhekne..terus mergo dhekne pengen nyiap2ke opo opo nggo lamaran yo batin yo lahir..ngatemin nemoni slondhok,tonggone sing terpandhang nduwe pengalaman lamar melamar...)
-Ngatemin : Hwoe mas slondhok..aku meh ngomong iki..
-Slondhok : eemmm
-Ngatemin : weh mas ( nonton tangane slondhok, ) kowe ki nopo? hahaha ko jomblo wae..kukur-kukur manuk?
-Slondhok : mbahmu kiper kui..rambute kejenggit nyuk..nopo?
-Ngatemin : aku arep nglamar uwong..
-Slondhok : tenane? sopo?
-Ngatemin : yo tenan to..lha sopo meneh yen udi dek nur,
-Slondhok : wah edyan koe..kok isoh?
-Ngatemin : yoiso toooo nopo raiso,mas piye nek aku arep moro rono aku kudu piye?
( lha nek kene iki slondhok ngekki pelajaran okeh banget nggo ngatemin..ra arep tak tulis... rahasia )
-Slondhok : yowis kono min.. lak genahno..nak sido lak opo mesthine min...
-Ngatemin : gas luuurrrr
-------------------------------------------------
Ngatemin nemoni dek nur arep nggenahke lamarane...dek nur sing podho berbungs-bungane antusias banget nampani rembuge ngatemin sing niatane arep serius mbi dhekne...gandheng dek nur dhewe wis entuk restu soko wong tuane...cah loro podho senenge..
-Ngatemin : dek..piye dek wis taren mbi bapak ibuk durung?
-Dek Nur : mpun mas..
-Ngatemin : lha piye jare?
-Dek Nur : angsal mas..ning njenengan ken nemoni bapak..
-Ngatemin : yowis dek..gage celukno dek..
-Dek Nur : sekedhap nggih heheheeeeeeee
-Ngatemin : siap ndoro..
-Pak Man : oh piye min..?
-Ngatemin : hehe pak..niki kulo badhe matur sekedhik pak..
-Pak Man : piye min..
-Ngatemin : pak kulo badhe nglamar dek nur..
-Pak Man : wah ngene yo min..yo nek pancen koe arep tenanan..wong tuamu jakken rene..
-Ngatemin : o nggih pak..lha kapan pak..
-Pak Man : yo sesuk min..
-Ngatemin : nggih pak..
-Pak Man : yo lak dijak rene yo..
--------------------------------------------
Ngatemin mulai merasa enek firasat aneh..kok mandang wis keturutan penjalukke sing pengen ngepek bojo dek nur..ngasi rembugan karo bapakne malah koyo raenek sensasi,getaran hati koyo pas lagi isin-isin karo Dek nur..
-------------------------------------------
-Dek Nur : pripun mas..?
-Ngatemin : iyo uwis dek..ki aku meh ngajak wong tuaku nemoni bapakmu..
-Dek Nur : mas kulo sangoni..
-Ngatemin : sangoni opo dek?
-Dek Nur : timus mas.. mumpung tasih anget
-Ngatemin : wah haha malah ngerepoti ..
-Dek Nur : mboten kok mas..kulo malah seneng..
-Ngatemin : yowis kene.. makku mesti yo seneng iki hahah.. tak bali sik..
-Dek Nur : Nggih mas...
( Tekan ngomah..Ngatemin crito kahanan asmarane karo makne..wis crito komplit.. akhire podho sepakate nemoni keluargane dek nur..Ning Ngatemin malah rasane soyo biasa-biasa wae.. akhire pertemuan antar keluarga lan lamaran isoh kelakon lancar..makne ngatemin wis seneng banget.. ning ngatemin malah soyo biasa..padhahal warga sekitar wis dho heboh..ngasi dho gawe perayaan..sang pembunuh bebek arep rabi... )
----------------------------------------
Wah lha jebul.. firasat-firasat mbi roso sing soyo biasa kui kebukti sewulan sakwise lamaran..
----------------------------------------
-Karto : Minnnn asuuuuu tak kandhani ning siapo sik min
-Ngatemin : piye to alon-alon to..
-Karto : wah iki biyajingan tenan iki min..
-Ngatemin : lha nopo ki lho.. malah misuh-misuh
-Karto : galo gok.. dek nur lungo mbi wong lanang
-Ngatemin : sedulure yakke to
-Karto : ramungkin..kudune aku paham
-Ngatemin : yo embuh eg..
-Karto : yowis saiki ingukken dhewe
-Ngatemin : lha jare lungo kok kon nginguk
-Karto : galo dho nek sawah etan ndeso..
-Ngatemin : ayo parani
-Karto : ayooohhhh
( Karto mbi Ngatemin langsung otw tkp.. nengkono yo pancen tenan dek nur karo wong lanang di bonceng pit gedhe...dho ndelok pemandangan sawah..)
-Ngatemin : dek..lagi nopo iki?
-Dek Nur : oh mas kok teng mriki.. niki mas kenalke konco sekolah mas..namine mas miri
( Karto wis kempropok ngampet emosi nyawang raine miri..)
-Miri : mas..miri mas
-Ngatemin : ngatemin mas..
( Ngatemin dhewe wis merasa curiga.. dhekne langsung lungo karo karto..)
-Ngatemin : wah ndlogoook perasaanku rapenak to
-Karto : aku yo podho min
-Ngatemin : wah yo mugo-mugo ora enek opo-opo to
-Karto : nak enek opo-opo tak ewangi min.. tak sumetane mercon dhapure miri kae mau
-Ngatemin : mbok rasah galak-galak..
-Karto : ben ! sik ayo bali aku mah ngelu
-Ngatemin : ayo aku arep adus..
 ( seminggu sakwise ketemu miri..hubungane dek nur karo ngatemin isih adem-adem wae..ning Esuk-esuk... Ngatemin tangi turu weruh makne nangis,Ketok  enek Karto barang nengomahe..)
-Ngatemin : horok mak..nopo nangis?
-Mbak Warni : Orapopo to.. kono metu-metuo ko ngomah..
-Karto : Min ayo tak jak..
-Ngatemin : nengndi?
-Karto : tak kandani
-Ngatemin : piye piye..
-Karto : koe sing sabar yo..makmu bar mbalekke rembug lamaranmu mbi dek nur
-Ngatemin : maksute piye?
-Karto : di batalke
-Ngatemin : lhoh lha nopo?
-Karto : Dek nur ketangkep dilat dilatan karo miri min..
-Ngatemin : asu koe..rasah ngomong sing ora-ora..
-Karto : tenan saiki gelem ra gelem dek nur kudu dinikah miri
-Ngatemin : wah taiasuuu sik tak rono sik
-Karto : ayo tak kancani
-Ngatemin : yo
( Ngatemin di terke karto nengomahe dek nur..sak omah dho tangisan kabeh pas ngatemin teko..ning ngatemin malah dadi lego..yo karo emosi..keluargane dek nur yo njaluk ngapuro karo ngatemin..ngatemin dhewe to gelem ngapurani ning batine keloro-loro..ngasi ngengkleng pirang - pirang taun..sakjrone ngengkleng pirang-pirang taun kui Ngatemin yo soyo loro..wong dek nur dadi nduwe anak hasil bebojoane karo miri..ah kesel )





Komentar

Postingan populer dari blog ini

KORBAN JAGAL BAYARAN

 Saben dina,saben teka wayah wengi.Aku lan tunggal sak bangsaku padha digawe geger,di opyak - opyak kantentremanku.Ora kana ora kene,sak ngendi-ngendi parane,getih pating dlewer,nyawa ucul okehe ra kena diitung.  Aku lahir tanpa ngerti sapa bapakku sapa ibuku,kat cilik aku wis awor diopeni karo tunggal-tunggalku.Kebutuhan pangan ora tau kekurangan,aku kepitung cukup.Vitamin ora kendhat,vaksin anti penyakit yo ora kurang,panggonan yo ajeg resik tanpa kudu resik-resik,wis enek sing dijatah ngresikki.  Aku lan tunggal-tunggalku saben dinane yo mung kepenak,ana sing ngasuh.Saben ndinane disetelake lagu-lagu,yo kadhang pengasuh-pengasuh kui mau ana sing ora pener anggone nyambut gawe,nanging ora dadi masalah aku lan tunggal-tunggalku tetep kepenak.  Tengah wengi nalikane aku lan tunggal-tunggalku turu,aku krungu swara gemuruh,rada kantrog aku banjur tangi,nyawang kahanan biasa-biasa wae,malah enek tunggalku sing lagi mangan,aku bali turu meneh saking ngantuke. ' jeglek br...

NARYO JURAGAN KRAMBIL

………………………………….. (Naryo tangi turu..dewekke langsung mlaku menyang sumur mburi omah.). • Naryo : wah iki gawat,lehku tangi kawanan..selak nenggone pak njaeni sisan.. hmmmm (Naryo banjur cepet2 adus lan salin mergone selak nenggone pak njaeni nyambut gawe) “ PLEK PLEK PLEK PLEK PLEK “ suworo sandal suwalone Naryo,,Naryo mlayu mergo selak pekewuh karo pak njaeni…neng tengah dalan Naryo weruh Rubingah lagi memeni..dasare Naryo naksir rubingah,,Ndelalah ngepasi weruh Rubingah lagi memeni Naryo nggaya..celuk2 Rubingah… • Naryo : Ruuuuuuuubbbingaaahh…. • Rubingah : nopo mas naryo…kok mlayu2..nggayamen biasane ratau olahraga..mending koe ngewangi aku memeni mas hahahaha • Naryo : aku ora olahraga rub..aku selak di nteni pak njaeni… jare arep di kek'i gawean.. • Rubingah : oalah mass mass ndarakku olahraga,,yo kono mas lak ndang mangkat.. lhakok malah jagongan,,, mumpungane enek sing nawani gawean yo lak di nyangi mas,,po ra pengen rabi eg,,hahahaha • Naryo : Oh iyo rub, mal...