Langsung ke konten utama

SRI PAMIT

SRI PAMIT
------------------------------
"Yungalaaaahh ayu tenan"
( Tanpo nyuworo karo mlaku alon-alon,Suroso nginjen Sri sing lagi isah-isah neng sumur mburi omah,wis nemu posisi penak nggo nyawang Sri,Suroso langsung nglesot karo gelang-geleng ndeloki Sri)
" Sriii srii hmmm sayange kowe ki wong elit Sri,lha aku wong mlirit keciriiiit ( mesam-mesem )
------------------------------
( soko kadohan Mbah gower nyurung gluthuk bali ngarit ngerti Suroso lagi nginjen Sri langsung nyelehke gluthuk'e marani Suroso,karo ndhungkruk-ndhungkruk Mbah gower mekongkong neng pinggire Suroso wong loro dho mat-matan,Suroso pekewuh raumum rumangsane arep di apak-apakke Mbah gower,lha konangan sing nginjen Sri og )
------------------------------
( Wong loro kui mau dho umak-umik,bisak-bisik,glenak-glenik )
- Mbah gower : So kowe nopo neng kene ?
- Suroso : mboten nopo-nopo mbah hkhkhkhk
- Mbah gower :  o lha doboool doboool nginjen kok wong isah-isah sooo sooo ra kelas,
- Suroso : ssssssssstt ssskkkhhh ndak konangan niki mbah nika lho ayuneee dubilah.
" Jreeeezzz " srrrrokkkhh 'mpk mpk mpk ffffuuhh'
( Mbah gower nyumet udut )
- Suroso : 'mbatin'  gudal jaraaaaaan!!! malah nyumet udut lak kemeluk iki ngko
- Mbah gower : So udut sik So ..
- Suroso : haaassshh ssssssssssskhhhh malah udut mbaaaaah mbaaah keluk'e marai konangan wis kono balio kono baliooooo
- Mbah gower : halah kowe ki amatiran,mbok mletik sithik nginjen ki wong adus ketok tenan,jelaaaass kenikmatan so soooo.. nginjen wong isah-isah hla njaluk di kosok manci untumu po piye?
( Sri mulai curiga,kok enek suworo samar-samar,Sri mandheg sing ngosok'i wajan )
- Sri : ' mbatin' jane kae suworo opo to yo? sas ses sas sesh,suworo ulo opo menthog kawin ?
( Saking penasarane,sri ngadeg ingak-inguk kiwo tengen ngarep mburi ngisor ndhuwur,ngisor rodo ndhuwur,ndhuwur rodo nengah,ngiwo mojok nengen,nengen rodo menggok ngiwo,nengah munggah midhun langsung muntir gulune,lha pas ngematke sisih etan rodo adoh,Sri ngerti enek 'pego kemeluk tipis' | pego ki asap nek bego sing nggo ngeruk lemah koyo sendhok porok ning nggo mesin kae | )
- Sri : lhah kok enek pego kae,aaaaaaa iki mesti enek sing ra beres,'Sri langsung nyidhuk banyu tilas isah-isahan karo mbengok '  " haiyo,dho nopo kui ? " ( tanpo mikir meneh banyu sak cidhuk kui mau diombe Sri.)
( Mbah gower mlayu saking wedine nek konangan terus berita anggone dekne nginjen sri kesebar lan krungu bojone.Lha iki sing kojor Suroso,dekne bingung raiso piye2,gumun ndelok Sri ngombe banyu tilas isah-isah tur yo wedi karo Sri,saking bingunge Suroso gur trimo pasrah nglesot ngasi Sri teko marani dekne )
- Sri : Lho mas,nopo sampean neng kono mas?nopo hayo !
- Suroso : Aa orapopo aku tibo kepleset Sri loromen iki gulo yuuung..
- Sri : halah rasah ngapusi mas !
- Suroso : Ora Sri,tak bali sik yo Sri !
( Suroso mlayu gedabikan )
- Sri : hihi mas maaas,jare tibo jare loro kok mlayune bantermen mas maaas hmmm ughh.
padhakke rangerti yake.
- Suroso : 'mlayu karo mbatin' dobol tenan ngimpi opooo aku konangan nginjen,lak yo nginjen wong isah-isah.wah wis kojor kae mau yo ngopooo tuwek'ane Gower  ndadak udut,wong ndhelik kok udut jan dobol doboool.
( Tekan prapatan cedhak sing ora adoh-adoh banget soko omahe Sri,Suroso pethuk Mbah gower,sing ketok mbalik neng arah omahe Sri )
- Suroso : woe arep nengndi ! kowe ki wong piye ngono lho,ndadak udut barang marai susah wae .
- Mbah gower : Gluthuk ku keri So ! hahaha tak jipuk'e sik hahaha
- Suroso : o !
- Mbah gower : O gundhulmu kui le leee ( Mbah gower cepet2 njipuk gluthuk'e sing keri )
- Suroso : kowe ki ngedan nyuuukk ( batine... ) wash iki Sri kudu lak tak watsap iki,aku meh minta maap selak dadi nesu ngko.

( Tekane ngomah Suroso golek-golek modus arep watsap Sri,gandheng Suroso iki ki wonge nglebai,dekne gawe puisi permintaan maap nggo sri. )
------------------------
Sri,saktenane aku salah
Aku wis nglakoni tumindak ora becik Sri
Sri,sak jujure aku dheg-dhegan nyawang kowe
  Pesek,rodo tembem kulitmu putih koyo dluwang Sri
Gerakan isah-isahmu Sri mantab jiwo rogo
Lemes dumes rasane awakku
  Ananging Sri,aku tratapan nyawang lehmu ngombe banyu tilas isah-isah
Nanging yorapopo Sri tetep mantab jiwo rogo Sri
Obahing tanganmu sing nyidhuk banyu
Lehmu ngangkat cidhuk,lehmu ngombe banyune Sri
Mantab jiwo rogo Sri...
  Ngapuranen aku Sri
  Ampunono aku
  Aku minta maap Sri
--------------------------------
( wut wut wit wiuw ' hapene Sri muni  dibukak hapene ketok enek watsap soko Suroso,Sri jane rodo males arep mbukak ning nak ra mbukak jane penasaran,nek mbukak ora mbales yo pekewuh ketok metu centang loro werno biru,Sri galau arep mbukak opo ora,akhire dibukak watsape karo rodo males )
- Sri : "hahahahaha iki opo jal maksute puisi opo piye iki.." Sri dadi semangat arep mbalesi terus Sri ngetik balesan nggo watsape Suroso ..
' nek minta maap ki wonge di temoni mas,ora watsap'
--------------------------------
( Ndrrrrrtt ndrrrrrrt ' hapene Suroso getar ' dibukak enek watsap soko Sri .. Wuh senenge ra karuan byar byur atine karo ngepel-ngepel tangane di unggahke )
- Suroso : Yeeeeeeeeesssss dibalesi yeeeeesss ! sik bukak sik ahh ihiiiirrr
(' nek minta maap ki wonge di temoni mas,ora watsap' )
FUUUUUUUUUHHHHH yeeessss wah iki piye iki sik sik arep mbales piye iki .wah ngene we
----------------------------
Rembugan nggon watsap
----------------------------
- Suroso : maksute temoni piye Sri?
- Sri : ya nek tenanan minta maape yo moro nengomah kudune mas.
- Suroso : tenane Sri aku mbok kon rono tenan?
- Sri : yo tergantung kesadaran
- Suroso : wah po ra sengeni ibukmu Sri ?
- Sri : lha npo mas sengeni ki?
- Suroso : lha aku gur ngene iki Sri koe bedo Sri
- Sri : padune wedi we mas
- Suroso : yowis naknu sesuk aku rono Sri
- Sri : iyo mas
-----------------------
Suroso Koprol-koprol saking senenge.mlayu neng kebon njotosi wit gedhang...kancane Suroso sing jenenge Miri nonton polahe Suroso ngekek dowo karo mbengok-mbengok.
----------------------
- Miri : ooooooeeee wong lorooooooo ! kowe ki ngedan nyuuukk !
- Suroso : kacarit kowe ! raseneng yen kancane seneng piye?
- Miri : karepmu nyuuk ! pancen koe ki loroooo !
- Suroso : Ri ! neo tak weruhi cepet !
- Miri : telek sooo,paling koe yo gur ngedan.
- Suroso : tenanan iki reneo iki lho tak weruhi ( karo ngeruhke hapene )
- Miri : opo jane,ndi kene ndelok
- Suroso : nyo iki deloken iki aku kon nengomahe Sri.
- Miri : tenan ora iki? Sri kidul kono so?
- Suroso : yoiyo to lha sopo meneh?
- Miri : telek sooo sooo
- Suroso : karepmu penting aku lagi seneng !
- Miri : karepmu so wong edan.
- Suroso : luweh ri.bali sik we
(Suroso bali ko kebon langsung adus,karo nyanyi-nyanyi..
" Jenaaang gulooo kowe ojo lali karo aku iki cah ayuuu.. ")
hiiihh gemes tenan aku Sri ..
--------------------------------
Wengine Suroso oraiso turu saking senenge sesuk arep kepethuk Sri,biasaaa meneh2 Suroso gawe puisi..ning ora dikirim ke neng Sri,Suroso malah golek-golek bahan gen iso ngobrol watsap karo Sri
------------------------------
- Suroso : Sri,sesuk penake aku rono jam piro yo hehe.
- Sri : saksakke mas aku longgar penting ojo wengi
- Suroso : siap sri hehe
( Suroso kentek'an idhe...)
------------------------------
Akhire Suroso turu dharipadha bingung terus dadi salah haha iki Suroso yo ngati-ati banget anggone watsap Sri,wong duniane rodo2 bedo,kesehariane bedo dadi gek gek ngono gek gek ngene..ning pedhomane Suroso,tetep dadi awake dhewe coooy
-----------------------------
"ciu ciu ciu ciu ciu ciu ciu ciu ciu cerrrrrrrrrrrt cuing cuing cuing cerrrrrrrrrr"
manuk kenari tanggane Suroso muni,tondho wayahe wis esuk
----------------------------
- Suroso : wah asik,wis esuk adus sik lak nenggone Sri yihaaaaaa!!!
( Byuuuur splasssh pyok pyok pyok pyok )
wis adus resik iki mending watsap Sri sik iki.
----------
' wut wut wit wiuw ' ( hapene Sri muni )
- Sri : hih enek watsap
----------
- Suroso : Sri aku meh rono Sri hehe
- Sri : Iyo mas,ning aku rung adus lagi rampungan nggongso bumbu
- Suroso : iyo Sri beneran aku malah seneng
- Sri : seneng opo mas?
- Suroso : orapopo Sri hehe
------------------
'Tekan ngarep omahe Sri perasaane Suroso ora karu-karuan,yo ndredheg yo mules yo kemringet.'
- Suroso : ( mbatin ) Asssoooeee omahe apik tenan po yo ra senegeni wong tuane iki,Sri di parani wong ko aku . Ah luweh dhing.
" Kulanuwun... "
- Sri : nggih monggo,, e mas kene mas mlebu kene mas..
- Suroso : wah iyo Sri neng njobo wae Sri hehe ..( Suroso minder,rodo kekuk sing ngetrapke awakke )
- Sri : wis ayo mas neng njero wae mbi ngeteh..
- Suroso : yowis naknu Sri..
----------
Suroso ngetutke Sri mlebu,Lagi sak jangkah mlebu nglawang Suroso wis kaget meneh..
- Suroso : Badalah iki omah opo kraton ' nyuworo alon '
- Sri : npo mas?
- Suroso : haha orapopo Sri..
- Sri : gage mas lungguh2 sik mas,tak gawekne wedang sik..
- Suroso : wah orasah repot-repot sri aku wis bar mbedang
- Sri : wis mas rapopo sante wae..
nyo iki mas wedange lak diombe
-----------------------
- Suroso : Sri aku njaluk ngapuro yo Sri kelakuanku wingi kae
- Sri : orapopo mas sante wae ngono lho aku yo ra nesu og
- Suroso : tenane Sri ?
- Sri : tenan mas..lha nopo to ndadak nginjen-nginjen barang,wong mung gare rene moro dolan we kok
- Suroso : lha ndarakku yo raentuk og Sri..
- Sri : lha motipasimu nginjen ki nopo mas? hayo naksir mbi aku yo..
- Suroso : ( abang ireng ndrodhog karo mbatin " wah iki ki Sri arep nesu mergo aku naksir opo malah kode-kode yen dhekne naksir yo )
- Sri : we mas,wooo malah meneng..
- Suroso : Anu Sri lha yen aku naksir piye to..ojo nesu lho ojo nesu..
- Sri : haha lha yen opo lha tenan naksire ki mas?omongo
- Suroso : yo jane tenan Sri
- Sri : gur jane we mas,berarti ora tenanan
- Suroso : yo tenan to Sri..
- Sri : haha tenane mas,brrti kudu siap2 mas..
- Suroso : siap-siap nopo Sri?
- Sri : aku arep lungo sik ki mas,nyambut gawe mas..
- Suroso : lha arep nyambut gawe nengendi to Sri?
- Sri : Rahasia mas,nek positip tak kandani wis mas..
- Suroso : lah,lha kapan Sri ?
- Sri : rahasia mas.. pokoke nek positip tsk kandani wis..
- Suroso : halah lha rahasia terus og,marai penasaran
- Sri : ben penasaran haha dongakke aku yo mas..
- Suroso : yo pasti to Sri pokoke tak dukung lah.
- Sri : maturnuwun lho mas..
- Suroso : lha saiki opo ora meh siap-siap Sri?
- Sri : iki mas meh siap-siap
- Suroso : yowis yo sri,maturnuwun wis mbok maapke lho..
- Sri : iyo mas..meh bali tenan mas?
- Suroso : Iyo Sri siap-siapo sik..pamit sik Sri
- Sri : iyo mas ati-ati ..
-----------------------------------------
Kanthi perasaan yo seneng yo gundhah Suroso bali, pringas pringis ning yo sedih ning kudu seneng.tekan prapatan cedhak omahe,Suroso ketemu Miri
--------------------------------------
- Miri : Wooooee cah edan kongendi? dengaren dines men nggo kathok dowo
- Suroso : jan wedhus gibas tenan Ri..
- Miri : lha nopo so?
- Suroso : Rahasia hahahaha
- Miri : Halah telek gage omongo
- Suroso : nganu Ri,aku mau ko nggone Sri dhekne arep lungo eg Ri
- Miri : Lungo nengndi So?
- Suroso : Rahasia .hahahaha
- Miri : pancen koe ki wongedan.
- Suroso : jajan yo Ri
- Miri : kosik galo aku ijek nunggu wedhus neng kulon kono kok.lha opo kowe ra nyambut gawe ?
- Suroso : ora Ri aku bar metu ko nggone Pak basri
- Miri : lha nopo metu?
- Suroso : lha ra cetho kok Ri bayarane sak karepe dhewe,sing prentah-prentah jan ra nggagas uwong
- Miri : berarti iki arep golek gawean?
- Suroso : yoiyo mbok menowo Sri ki gelem tak rabi haha.
( Mak byuuurr atine Suroso sir-siran,Suroso lali ora nggenahke Sri ki yo naksir mbi dhekne opo ora )
- Miri : gayamu So.koyo Sri gelem-gelemo mbi kowe.aku wingi krungu kabar jare nggone Pakdhe slamet butoh tenogo ngopeni sapi So ning neng bandung.bali nak bakdo nek ora bagian ngopeni sapi yo di lebokke nggon pabrik bakso
- Suroso : haha arep dadi generasi penerus ndeso piye Ri sejarahe wong kene ameh kabeh do kerjo ngono neng kono.
- Miri : lha sing penting lak usaha methuk rejekine pangeran to so.
- Suroso : iyo bener Ri.naknu ngko sore nemoni Pakdhe slamet wae iki.
- Miri : yo ayo siap wae nak aku.
---------------------------------
Wong loro kui mau dho bali nyang ngomahe dhewe-dhewe,loro-lorone podho adus sarungan nggo klambi rapi.siap-siap arep nenggone Pakdhe slamet nggenahke gawean.saktekane gone Pakde slamet ndelalah dho ra pethuk langsung karo Pakdhe slamet,ning malah pethuk anake sing ora kalah ayune karo Sri jenenge Sundari.
-------------------------------
- Sundari : wah ajeng acara nopo mas kok sami bagus-bagus sedanten niki.
- Miri : anu Sun opo kuwi,arep ketemu bapakmu enek ora yo?
- Suroso : arep nggenahke jarene butuh tenogo sun..
- Sundari : oalah mas nggih-nggih ning bapak tasih ten bandung dereng ajeng mantuk,wingi weling menawi enten sing pados damelan kulo kiambak sing di pasrahi milih mas..
- Miri : wah .
- Suroso : wah nopo?
- Miri : orapopo haha
- Sundari : pripun mas minat? rekaos lho mas
- Suroso : nek rekoso ki podho wae kok Sun penting ora nyio-nyio.hahha
- Sundari : nggih mboten to mas,sami-sami manungso gadhahane pangeran kok hmm
- Suroso : yen aku minat Sun..bayaran dudu masalah..koe piye Ri ?
- Miri : yooo
- Suroso : yo opoooo!
- Miri : piye to mau sidane gaweane?
- Suroso : lha kat mau i kowe nopo ngengkleng po piye koe ki ?
- Sundari : mpun mas ngeten,mas Miri .. njenengan purun mboten gaweane?
- Miri : hehe enggih ( karo mleat mleot ).
- Sundari : nggih mpun naknu sesuk isuk nika langsung mangkat nggih sekalian kalih ngawal sapi mas..
- Suroso : lhah sesuk esuk?
- Sundari : nggih mas,pripun mas Miri niki..kat wau malah ngalamun namatke kulo marai wedi
- Suroso : wis neng ke wae sun kesurupan yake pokoke iyo ngono wae
- Miri : nopo e,aku yo iyo lho..
- Suroso : lak tenan to Sun..
- Sundari : hahaha enggih mas jaaan
- Suroso : yowis Sun aku tak bali toto-toto sik
- Sundari : nggih..
- Miri : arep nengdni so?
- Suroso : arep nekeran ! yo bali to kesenegen kowe neng kene rabali-bali
- Miri : wah yowis naknu,pamit riyin dhek sun..
- Sundari : nggih mas..
---------------------------------------------
Suroso rodo galau mergo sesuk kudu ngawal sapi,lak sesuk ki Sri yo kudu mangkat..wah piye iki mandanganu malah ngene,padhahal lagi senengmen aku hubungan karo Sri..lak Sri ki lungane nengendi yo..Esuke Suroso mung iso komunikasi ro Sri lewat watsap mergo podho sibuke
--------------------------------------------
- Suroso : Sri semangat yo Sri.mugo2 lancar jaya keturutan kepinginanmu Sri..
- Sri : iyo mas..mugo2 sampeyan yo lancar sakkabehe..
------------------------------------
Seminggu suwene anggone podho-podho nyambut gawe singkat ceritone ngene soale nek kabeh tak tulis tiwas kenthir iki wong aku dhewe berusaha watsapan karo narasumber iki meh mbendino lehku golek bahan obrolan watsap yo angel hahaha kalah ro gandrung yake dadi angel mikir hahaha.ah tak teruske suk wae dhing ceritone.
------------------------------------

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KORBAN JAGAL BAYARAN

 Saben dina,saben teka wayah wengi.Aku lan tunggal sak bangsaku padha digawe geger,di opyak - opyak kantentremanku.Ora kana ora kene,sak ngendi-ngendi parane,getih pating dlewer,nyawa ucul okehe ra kena diitung.  Aku lahir tanpa ngerti sapa bapakku sapa ibuku,kat cilik aku wis awor diopeni karo tunggal-tunggalku.Kebutuhan pangan ora tau kekurangan,aku kepitung cukup.Vitamin ora kendhat,vaksin anti penyakit yo ora kurang,panggonan yo ajeg resik tanpa kudu resik-resik,wis enek sing dijatah ngresikki.  Aku lan tunggal-tunggalku saben dinane yo mung kepenak,ana sing ngasuh.Saben ndinane disetelake lagu-lagu,yo kadhang pengasuh-pengasuh kui mau ana sing ora pener anggone nyambut gawe,nanging ora dadi masalah aku lan tunggal-tunggalku tetep kepenak.  Tengah wengi nalikane aku lan tunggal-tunggalku turu,aku krungu swara gemuruh,rada kantrog aku banjur tangi,nyawang kahanan biasa-biasa wae,malah enek tunggalku sing lagi mangan,aku bali turu meneh saking ngantuke. ' jeglek br...

NGLAMAR DEK NUR

NGLAMAR DEK NUR --------------------------------- " Yuh rasane dek lego tenan rasane atiku..."  Saka dongane wong akeh..sing akhire di kabulake Gusti Pangeran,wengi kui wong sak desa pada sukuran bareng-bareng nggodhog talok.Slondhok sing kondhang juragan talok neng ndesone yo melu sumbangsih talok 3kg mergo lagi podho seneng kabeh wong sakdeso.Koyo-koyo kukul sing mentheng-mentheng akhire mecothot,lego. ----------------------------------  -Slondhok : weeeee nyo ki tak kekki talok 3 kilo di godhog bareng yo caah ! (.karo sumringah kae sing ngulungke ) -Jumanto  : yooo sippp ning jane ngene iki ki pendhak dina ndhok.. -Slondhok : hayo pendhak dina gundhulmu kui hahahaha iki wis aku melu seneng Ngatemin sido lamaran haha,wis sik kono yo,podho di penakke...aku tak glidhik sik.. -Jumanto : turnuwun lho ndhok kowe pancen jos.. -Lastri : iyo masss apikan men gelem ngekki talok yuuuuuuhh .. -------------------------------------.  Wengi kui kabeh wong podho sene...

NARYO JURAGAN KRAMBIL

………………………………….. (Naryo tangi turu..dewekke langsung mlaku menyang sumur mburi omah.). • Naryo : wah iki gawat,lehku tangi kawanan..selak nenggone pak njaeni sisan.. hmmmm (Naryo banjur cepet2 adus lan salin mergone selak nenggone pak njaeni nyambut gawe) “ PLEK PLEK PLEK PLEK PLEK “ suworo sandal suwalone Naryo,,Naryo mlayu mergo selak pekewuh karo pak njaeni…neng tengah dalan Naryo weruh Rubingah lagi memeni..dasare Naryo naksir rubingah,,Ndelalah ngepasi weruh Rubingah lagi memeni Naryo nggaya..celuk2 Rubingah… • Naryo : Ruuuuuuuubbbingaaahh…. • Rubingah : nopo mas naryo…kok mlayu2..nggayamen biasane ratau olahraga..mending koe ngewangi aku memeni mas hahahaha • Naryo : aku ora olahraga rub..aku selak di nteni pak njaeni… jare arep di kek'i gawean.. • Rubingah : oalah mass mass ndarakku olahraga,,yo kono mas lak ndang mangkat.. lhakok malah jagongan,,, mumpungane enek sing nawani gawean yo lak di nyangi mas,,po ra pengen rabi eg,,hahahaha • Naryo : Oh iyo rub, mal...