Saben dina,saben teka wayah wengi.Aku lan tunggal sak bangsaku padha digawe geger,di opyak - opyak kantentremanku.Ora kana ora kene,sak ngendi-ngendi parane,getih pating dlewer,nyawa ucul okehe ra kena diitung.
Aku lahir tanpa ngerti sapa bapakku sapa ibuku,kat cilik aku wis awor diopeni karo tunggal-tunggalku.Kebutuhan pangan ora tau kekurangan,aku kepitung cukup.Vitamin ora kendhat,vaksin anti penyakit yo ora kurang,panggonan yo ajeg resik tanpa kudu resik-resik,wis enek sing dijatah ngresikki.
Aku lan tunggal-tunggalku saben dinane yo mung kepenak,ana sing ngasuh.Saben ndinane disetelake lagu-lagu,yo kadhang pengasuh-pengasuh kui mau ana sing ora pener anggone nyambut gawe,nanging ora dadi masalah aku lan tunggal-tunggalku tetep kepenak.
Tengah wengi nalikane aku lan tunggal-tunggalku turu,aku krungu swara gemuruh,rada kantrog aku banjur tangi,nyawang kahanan biasa-biasa wae,malah enek tunggalku sing lagi mangan,aku bali turu meneh saking ngantuke.
' jeglek braaaakkk ' swara saka njaba ,aku tangi meneh.Aku krungu swara pengasuhku rembugan mbuh karo sapa. ' brug brug brug brug brug ' swarane koyo enek sing mlaku neng njero,aku tangi kaget setengah mati.
Tunggalku siji-siji dicekeli,ditaleni digawa metu.Kocar-kacir padha playon nanging ora mampu ngindhar kabeh kecekel,aku yo kecekel,sikilku dibongkok dadi siji karo tunggalku banjur di lebokake neng montor.Mbuh arep digawa nengndi ora ana sing mampu mberontak.Rasane ati ora karuan,nanging mung iso pasrah.
Swara montor sing nggawa aku lan tunggalku mandheg ana ing sawijining omah gedhe,banjur siji-siji diuncalke pathing tlebug ana ing panggonan sing aku durung tau ngerti,aku mulai curiga kabeh kok diklumpukke neng nggon anyar.
Tunggalku padha manut-manut wae,dicepakki mangan,ngombe koyo biasane,ning aku tetep krasa aneh,aku turu golek nggon sing rodo beda,ora awor jaga-jaga yen enek kahanan sing ora dikareppe,ndelalah ngasi padhang ora ana apa-apa.Isih di kekki pangan biasa,nanging ora ana sing resik-resik.
Srengengene mulai sumurup,tunggalku mulai dho turu,aku golek nggon meneh oraiso turu,banjur enek sing teka,aku ndhelik amarga aku krasa ora penak,jebule tenan aku nyawang siji-siji dicekeli,dibanda sikile karo tangane banjur digorok gulune sak nalika kahanan kocar-kacir.Atiku wis entek rasane ngasi ora iso nangis,aku kudu slamet aku golek nggon ndhelik manfaatke awakku sing cilik aku iso nylentip cedhak cagakan,karo nyawang tunggal-tunggalku di aniaya ngasi tekaning pati.
Jebul ora cukup tekan sakmono,enek sing teka meneh beda uwonge dhekne langsung ngurupke geni,numpangke ompreng nggodhog jarang,aku ndelok tunggal-tunggalku di klelepake neng banyu panas,banjur siji-siji diresiki rambute ngasi ora sisa.Saknalika aku ora ngerti kudu piye sakliyane ndhelik sak primpen-primpene supaya slamet.Ndelalah enek meneh sing teko banjur mbedhahi awake tunggal-tunggalku,jeroane dijipuki sikile enek sing di kethoki.Kahanane samsoyo nggegirisi.sewengi tunggalku entek mati.
Aku slamet,ora konangan lehku ndhelik aku banjur mlayu saka kana kui mau,karo ngangen-angen piye jane kahanane kok koyongono.Sakjroning pelarian aku yo berjuang bertahan hidhup golek pangan sak anane.Ngasi teka neng tengah desa aku ketemu pitik sing beda jenis karo aku,wernane ya bedha,bentukke ya bedha,aku kenalan karo pitik kui mau banjur melu bali nyang ngomahe.Nengomahe pitik kui mau aku dirubung tunggal-tunggale merga aku asing tur beda,wernaku mung putih polos pitik-pitik kui mau werna-werni sing lanang buntute dawa,ora koyo aku sak tunggalku sing padha kabeh.
Neng kono aku dicritani sebangsaku pancen okeh sing dipateni jagal bayaran banjur didol neng mpasar,Aku lega ora katut didol.
Terus enek wong teka nggowo pangan,aku mlayu aku wedi nek di beleh,nanging tetep kecekel.Aku bengok-bengok ora iso ucul,aku dilebokke kandhang dipakani diombeni diopeni karo wong kui mau.Aku dadi pitik liaran melu pitik-pitik sing beda jenis karo aku,aku yo kawin karo pitik sing beda jenis karo aku.
Ora nyangka takdir kok koyongene tunggal-tunggalku entek,aku melu pitik beda jenis.
Bersambung..
Komentar
Posting Komentar