Langsung ke konten utama

SAMIDI GORENGAN #1




"Samidi lan Suti pasangan ora serasi nanging tresnone tekaning mati."

·        -Samidi : dek,,iki nek awakedewe ora obah,awakedhewe gur ngene2 iki ki piye yo dek,

·         - Suti : lha pripun mas,kulo manut njenengan mawon kok..

·        -Samidi : dek,piye pomone awakedewe merantau,bakul gorengan neng negoro malesiah

·         - Suti : wah mas,teng mriko npo enten sing tumbas gorengan to mas,tur kulo nggih wedi’mbokde senik nika teng mriko malah mati di setriko ?

·         -Samidi : eneng to dek,wong kono ki do gumunan,koe ngerti dhewe tempene kang yoto we di aku2 wekke kono,,mesti kono rung enek wong adol tempe di wedhak’I dek..

·         -Suti : wah npo nggih to mas..nggih naknu kulo manut njenengan mas,,lha biayane pripun mas?

·         -Samidi : gampang dek,,tak angen2 awakedewe ngedol omah iki wae,dhuite nggo biaya urip neng kno dek,aman kok ora bakal enek sing nyetriko awakedhewe..

·         -Suti : hiiiiiihhh nggih ampun to mas,mosok ngedol omah,,mengkih nek awakedhewe gadhah anak lak mantuk teng pundi mas,,,

·         -Samidi : wah yowis opo aku tak ngepek bojo tugirah wae yo dek,,dhewekke kan sugeh,nduwe lemah okeh,montore okeh sapine okeh omahe okeh,,rondho sisan tur yo iseh kempling dek,aku yen nyawang yo marai pilek ngisor ndhuwur kok dek.

·         -Suti : lho mas,, ooooo ngoten to jebule njenengan,, oo nggih nak ngoten mpun mang ngrabi tugirah mawon kulo mang tinggal.. huuuh !

·         -Samidi : ora ora dek,,gur guyon,yo nak aku pilek ngisor ndhuwur nyawang tugirah kui lak normal to dek.. hmmmm wong aku lanang,, ning tresnaku lak ora keliyo mung nggo koe dek, ( Ngrangkul mesra)

·         -Suti : ( meneng wae karo mrengut )

·         -Samidi : deeek rasah nesu..( njiwit cilik karo ngembus2 gulu )

·         -Suti : hiiih mas,, ampun ngoten ah,,

·         -Samidi : cieeeee rasido nesu..

·         -Suti : ah mbuh ah mas,,kulo ngantuk..

·         -Samidi : kok ngantuk to dek..iseh jam 10 mbengi lho iki,, ayo dek ndang,,

·         -Suti : ndang npo lho mas,,kulo kesleo mas,,prei riyen nggih,,damel obah men sakit og,,

·         -Samidi : halah diliiiiit wae dek…

·         -Suti : hmmm nggih mpun mas,, alon2,,

        ( Samidi & Suti = XXX )

( nccccccceeeeeerrrrrrrrrr ciu ciu ciu ciu ciu ciu ciu ciu ciu ciu ciu nceeeerrrrrrrrrrrt cuing cuing cuing cuing suworo manuk kenari lokal ndeles,,wek’e samidi)

·         -Suti : halahhhhh,, mas mas ,,mpun padhang niko manuke njenengan mpun mendem..

·         -Samidi : huuaaaaaahh po iyo to dek,wah aku ki nek karo koe waktu we rasane koyo mandheg kok hahaha koe ki piye to dek,manuk kok mendem..

·         -Suti : lha munine ciu ciu ciu ciu  ngoten kok mas,,nek ciu kan mendem

·         -Samidi : halah yo kono karepmu de,,ayo lak adus,,aku sik opo koe sik dek.. opo bareng eeeeeeemmmmmm hahaha

·         -Suti : ah npo to mas,, mpun njenengan  riyin kulo tak olah2 riyin..

( byuuurr byuuuuur byuuurrrrrrrrrrrrrr “ dek jaman berjuaaaang njur kelingan anaak lanang.. byuuurrr “samidi adus karo uro2 )

·         -Suti :  yungalah loromen sikilku,kesleo malah mas samidi ki semangatmen..ah ning rapopo ding,, hihi.. “ massss mpun dereng?)

·         -Samidi : wis garek nyiram,,arep mbok kosok ke po piye hahahaha

·         -Suti : hiiihh sarumen

·         -Samidi : sabaaarrr

( sakwise  samidi adus,suti adus genti,bar kui wong loro podho mangan bareng..banjur neng mpasar kulakkan nggo bakulan gorengan neng ngarep omah,neng mpasar suti kroso kliyeng2 ning dewekke ngampet )

·         -Samidi : dek,, kok pucetmen ki npo dek,

·         -Suti : ah mboten po2 kok mas..kirang turu paling,,kalih kekeselen,,

·         -Samidi : wah opo aku mau bengi mantab tenan ki yo ( mbatin )

·         -Suti : massssss masssss kulo mboten kiat mas.. panaassss aaaaaaaaahhhhhhhhggggggg ( ngglethak )

·         -Samidi : dekkk dekkkkkkkkkk npo koe dek… deeeeeekkk  tangi dek,,

( Samidi gejala panik..pipine suti di tapuki,,wong2 wis podho ngrubung,, samidi soyo panik,,dhewekke banjur ngambungi suti karo nyikep kenceng… tangise wis raiso ditahan meneh mergo suti wis ra ambegan..samidi semaput.. wong2 podho nulungi banjur ngeterke tekan ngomah……samidi semaput suwi banget bro..tangi2 kaget sedulur2 do nglumpuk kae kok bro,, tangga2ne do ndonga bebarengan samidi bali semaput meneh bro)

·         -Sumi : leee atangio leee terno bojomu leeee tangio ( nangis )

·         -Samidi : ( tangi langsung nangis banjur marani bojone.. karo nangis samidi ngelus2 rambute suti,samidi ora nyongko..nanging samidi usaha noto atine )

( kat Dino kui samidi buyar,,sak bubare 100 dino Samidi wis padhang lan mikirake nasibe selanjute)

·         -Samidi : ( nyawang grobak gorengan )oalah baaak,grobak,, piye koe ki arep tak jak merantau malah ditinggal yo baaaak

·         -Tugirah : mpun mas mpun..

·         -Samidi : wah tugirah…piye gi,,,

·         -Tugirah : mpun mulai sadean to mas?

·         -Samidi : wis gi,, digorengake mbokde iki mau..

·         -Tugirah : tumbas gedhang gorenge mas,, 10 ewu nggih..

·         -Samidi : iyo ,, gi tak kandhani yo gi,, aku ki nduwe rencana gi arep merantau karo suti ee malah koyongeene to gii giiii

·         -Tugirah : lha npo mas,,kok ajeng merantau?

·         -Samidi : yo anggitku ki arep ngrubah nasib to giii neng ken era ono undhakane..

·         -Tugirah : mboten sah merantau mas,, kulo mpun nate ngrasakke ngrantau mas, gur dados pelampiasan juragane kulo mas,,

·         -Samidi : yo bedo to gi..

·         -Tugirah : mpun ngeten mawon mas.. kulo gadhah kios nganggur nggone strategis.. biasane kulo  sewakke mpun mang nggo bakulan mas,, menowo saget benten hasile,,

·         -Samidi : walah gii po yo kuat aku mbayar sewane..

·         -Tugirah : Mboten sah nyewo mas.. 
            - Samidi  : ( samidi lage ora napsu ) wah ora wae gii,, mbok aku njaluk tulung gi nyileh dhuitmu tak nggo merantau…
·         -Tugirah : ( tugirah mancing2 gagal )oalah mas.. nggih mpun betahe njenengan pinten benjang enjang kulo uruske nggih,,,

·         -Samidi : iyo giii penting aku keturutan ngrantau karo grobak iki…gi.. tulungono yo gi..

·         -Tugirah : nggih mas, sak saget2e kulo ewangi..

( Tugirah,, sugih lan nduwe hubungane okeh,,dewekke ugo nduweni konco2 neng luar negeri,,koyo neng negoro malesiah konco2ne tugirah yo okeh,,ora gur usaha dhuit,tugirah ugo usaha nggolekke panggonan kanggo Samidi liwat kancane sing jenenge cik lemur..sakwise sembarang2e di urus tugirah banjur ngeterke Samidi nyang bandara,,)

·         Tugirah : mas samidi,, niki kulo sagette ngeten niki nggih,, mangkih numpak montor mabur,,mandhap langsung enten malesiah..

·         Samidi : iyo gi..maturnuwun yo gi,, sak isoh2ku suk tak bales apiaknmu iki gi,,

·         Tugirah : nggih mas,, niki kulo mpun telpon konco kulo teng malesiah,namine cik lemur,,mangkih njenengan mpun mbotensah bingung,,,

·         Samidi : iyo gi,,, wis iki saiki aku kudu nengndi…

·         Tugirah : nggo mas,,tumut kulo..( ndudohake toto coro arep numpak montor mabur )

·         Samidi : lha grobakku piye gi?

·         Tugirah : mangkih langsung dikirim teng alamate cik lemur mas,,

·         Samidi : lha spo sing ngirim gi?

·         Tugirah : mpun kulo pasrahke teng jalur darat mas,,dikirim ngangge mobile toretto sak kanca2ne,,

·         Samidi : wo yoyoyoyoyoooooo…

( Samidi lage pisan iki numpak montor mabur..neng njero montor mabur Samidi pikirane ora tenang dewekke arep muntah2,akhire dewekke turu gen ora kroso yen lagi numpak montor mabur..tangi2 samidi wis tekan bandara negoro malesiah digugah karo widodari2 sing enek njero montor mabur)

·         -Samidi : wah lha iki to wujude negoro malesiah..lha njur kudu piye iki bar iki…( plingak plinguk kaget nyawang wong ayu nenteng tulisan MR.SAMIDI GORENGAN ) ladalah spo kae,,,(Samidi nyedhak)

·         -Cik lemur : pak Samidi ya? Dari Indonesia temanya ibu tugirah?

·         -Samidi : iyo mbak,, saya temane tugirah,, kamu Cik lemur ya mbak?

·         -Cik lemur : iya mas bapaaaaak,, saya cik lemur nak tolong anda..

·         -Samidi : oo yasudah mbak mari tolong saya..

·         -Cik lemur : Mari saya antar jalan2 dulu di Negara ni,, anggaplah perkenalan,,

·         -Samidi : nggih mbak ayo..

( jessesesesesekkk mreeeemmmmmmmmmmm suworo mobile cik lemur … Samidi karo cik lemur jalan2 neng malesiah.. samidi gumune rauwis2,,,)

·         Samidi : wah mbak disini banyak gedhung2 yambak,,tinggi2…

·         Cik lemur : iya bapaaak…

·         Samidi : siapa yg tinggal di gedhung2 itu mbak?

·         Cik lemur : itu kantor2 bapak,, bukan rumah..

·         Samidi : owalah mbak…di desa itu ya.. adanya sawah,,

·         Cik lemur : saya sudah tau bapak.. ibu tugirah banyak cerita ttg desa bapak..

( sakwise podho mubeng2  Samidi banjur diajak mulih menyang omahe cik lemur,, neng kno omahe mewah,, samidi gumun,,)

·         -Cik lemur : bapak silahkan tidur di kamar yang ini ya,, janagan ikut saya,,nanti saya tercemar..

·         Samidi : iya mbak cik lemur.. saya berjanji tidak akan menyusul bobok ..

( cik lemur lungo soko kamare samidi)

·         -Samidi : oalah to tiii sutii iki gulo aku wis keturutan merantau ti.. hmmm “mbrebes mili”waduh banjur kepriye iki lehku arep bakulan,,kulakane nengendi,, lak reregane piye,,bakule yo nengendi iki yo…

-------------------------------------------BERSAMBUNG----------------------------------------------------------------



*** Kuis ***
  1. Tugirah rencana opo,kok gelem mbantu Samidi tekan negoro maleisah?
      coro njawabe :   kirim jawabanmu neng pin bbm iki >>> 57B21563
                               utawa kirim neng nomer iki >>>. 085725019575 
*** Hadiah : MANGAN RAMEN GRATIS NENG " KEDAI PEDESS GILA " ***
------------- BATESE NJAWAB TEKAN TANGGAL 16 NOVEMBER 2015 --------------
MATURNUWUN :
  • Panjenengan Sedoyo
  • RIBS & KAFFEIN ( Iga bakar & kopi shop ) jl.pujasera Ungaran
  • Kedai pedess gila . Ampel  

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

KORBAN JAGAL BAYARAN

 Saben dina,saben teka wayah wengi.Aku lan tunggal sak bangsaku padha digawe geger,di opyak - opyak kantentremanku.Ora kana ora kene,sak ngendi-ngendi parane,getih pating dlewer,nyawa ucul okehe ra kena diitung.  Aku lahir tanpa ngerti sapa bapakku sapa ibuku,kat cilik aku wis awor diopeni karo tunggal-tunggalku.Kebutuhan pangan ora tau kekurangan,aku kepitung cukup.Vitamin ora kendhat,vaksin anti penyakit yo ora kurang,panggonan yo ajeg resik tanpa kudu resik-resik,wis enek sing dijatah ngresikki.  Aku lan tunggal-tunggalku saben dinane yo mung kepenak,ana sing ngasuh.Saben ndinane disetelake lagu-lagu,yo kadhang pengasuh-pengasuh kui mau ana sing ora pener anggone nyambut gawe,nanging ora dadi masalah aku lan tunggal-tunggalku tetep kepenak.  Tengah wengi nalikane aku lan tunggal-tunggalku turu,aku krungu swara gemuruh,rada kantrog aku banjur tangi,nyawang kahanan biasa-biasa wae,malah enek tunggalku sing lagi mangan,aku bali turu meneh saking ngantuke. ' jeglek br...

NGLAMAR DEK NUR

NGLAMAR DEK NUR --------------------------------- " Yuh rasane dek lego tenan rasane atiku..."  Saka dongane wong akeh..sing akhire di kabulake Gusti Pangeran,wengi kui wong sak desa pada sukuran bareng-bareng nggodhog talok.Slondhok sing kondhang juragan talok neng ndesone yo melu sumbangsih talok 3kg mergo lagi podho seneng kabeh wong sakdeso.Koyo-koyo kukul sing mentheng-mentheng akhire mecothot,lego. ----------------------------------  -Slondhok : weeeee nyo ki tak kekki talok 3 kilo di godhog bareng yo caah ! (.karo sumringah kae sing ngulungke ) -Jumanto  : yooo sippp ning jane ngene iki ki pendhak dina ndhok.. -Slondhok : hayo pendhak dina gundhulmu kui hahahaha iki wis aku melu seneng Ngatemin sido lamaran haha,wis sik kono yo,podho di penakke...aku tak glidhik sik.. -Jumanto : turnuwun lho ndhok kowe pancen jos.. -Lastri : iyo masss apikan men gelem ngekki talok yuuuuuuhh .. -------------------------------------.  Wengi kui kabeh wong podho sene...

NARYO JURAGAN KRAMBIL

………………………………….. (Naryo tangi turu..dewekke langsung mlaku menyang sumur mburi omah.). • Naryo : wah iki gawat,lehku tangi kawanan..selak nenggone pak njaeni sisan.. hmmmm (Naryo banjur cepet2 adus lan salin mergone selak nenggone pak njaeni nyambut gawe) “ PLEK PLEK PLEK PLEK PLEK “ suworo sandal suwalone Naryo,,Naryo mlayu mergo selak pekewuh karo pak njaeni…neng tengah dalan Naryo weruh Rubingah lagi memeni..dasare Naryo naksir rubingah,,Ndelalah ngepasi weruh Rubingah lagi memeni Naryo nggaya..celuk2 Rubingah… • Naryo : Ruuuuuuuubbbingaaahh…. • Rubingah : nopo mas naryo…kok mlayu2..nggayamen biasane ratau olahraga..mending koe ngewangi aku memeni mas hahahaha • Naryo : aku ora olahraga rub..aku selak di nteni pak njaeni… jare arep di kek'i gawean.. • Rubingah : oalah mass mass ndarakku olahraga,,yo kono mas lak ndang mangkat.. lhakok malah jagongan,,, mumpungane enek sing nawani gawean yo lak di nyangi mas,,po ra pengen rabi eg,,hahahaha • Naryo : Oh iyo rub, mal...