"Samidi lan Suti pasangan ora serasi nanging tresnone
tekaning mati."
· -Samidi : dek,,iki nek awakedewe ora
obah,awakedhewe gur ngene2 iki ki piye yo dek,
· -
Suti : lha pripun mas,kulo manut njenengan mawon
kok..
· -Samidi : dek,piye pomone awakedewe
merantau,bakul gorengan neng negoro malesiah
· -
Suti : wah mas,teng mriko npo enten sing tumbas
gorengan to mas,tur kulo nggih wedi’mbokde senik nika teng mriko malah mati di
setriko ?
·
-Samidi : eneng to dek,wong kono ki do gumunan,koe
ngerti dhewe tempene kang yoto we di aku2 wekke kono,,mesti kono rung enek wong
adol tempe di wedhak’I dek..
·
-Suti : wah npo nggih to mas..nggih naknu kulo
manut njenengan mas,,lha biayane pripun mas?
·
-Samidi : gampang dek,,tak angen2 awakedewe ngedol
omah iki wae,dhuite nggo biaya urip neng kno dek,aman kok ora bakal enek sing
nyetriko awakedhewe..
·
-Suti : hiiiiiihhh nggih ampun to mas,mosok
ngedol omah,,mengkih nek awakedhewe gadhah anak lak mantuk teng pundi mas,,,
·
-Samidi : wah yowis opo aku tak ngepek bojo
tugirah wae yo dek,,dhewekke kan sugeh,nduwe lemah okeh,montore okeh sapine
okeh omahe okeh,,rondho sisan tur yo iseh kempling dek,aku yen nyawang yo marai
pilek ngisor ndhuwur kok dek.
·
-Suti : lho mas,, ooooo ngoten to jebule
njenengan,, oo nggih nak ngoten mpun mang ngrabi tugirah mawon kulo mang
tinggal.. huuuh !
·
-Samidi : ora ora dek,,gur guyon,yo nak aku pilek
ngisor ndhuwur nyawang tugirah kui lak normal to dek.. hmmmm wong aku lanang,,
ning tresnaku lak ora keliyo mung nggo koe dek, ( Ngrangkul mesra)
·
-Suti : ( meneng wae karo mrengut )
·
-Samidi : deeek rasah nesu..( njiwit cilik karo
ngembus2 gulu )
·
-Suti : hiiih mas,, ampun ngoten ah,,
·
-Samidi : cieeeee rasido nesu..
·
-Suti : ah mbuh ah mas,,kulo ngantuk..
·
-Samidi : kok ngantuk to dek..iseh jam 10 mbengi
lho iki,, ayo dek ndang,,
·
-Suti : ndang npo lho mas,,kulo kesleo mas,,prei
riyen nggih,,damel obah men sakit og,,
·
-Samidi : halah diliiiiit wae dek…
·
-Suti : hmmm nggih mpun mas,, alon2,,
( Samidi &
Suti = XXX )
( nccccccceeeeeerrrrrrrrrr ciu ciu ciu ciu ciu ciu ciu ciu
ciu ciu ciu nceeeerrrrrrrrrrrt cuing cuing cuing cuing suworo manuk kenari
lokal ndeles,,wek’e samidi)
·
-Suti : halahhhhh,, mas mas ,,mpun padhang niko
manuke njenengan mpun mendem..
·
-Samidi : huuaaaaaahh po iyo to dek,wah aku ki nek
karo koe waktu we rasane koyo mandheg kok hahaha koe ki piye to dek,manuk kok
mendem..
·
-Suti : lha munine ciu ciu ciu ciu ngoten kok mas,,nek ciu kan mendem
·
-Samidi : halah yo kono karepmu de,,ayo lak
adus,,aku sik opo koe sik dek.. opo bareng eeeeeeemmmmmm hahaha
·
-Suti : ah npo to mas,, mpun njenengan riyin kulo tak olah2 riyin..
( byuuurr byuuuuur byuuurrrrrrrrrrrrrr “ dek jaman
berjuaaaang njur kelingan anaak lanang.. byuuurrr “samidi adus karo uro2 )
·
-Suti :
yungalah loromen sikilku,kesleo malah mas samidi ki semangatmen..ah ning
rapopo ding,, hihi.. “ massss mpun dereng?)
·
-Samidi : wis garek nyiram,,arep mbok kosok ke po
piye hahahaha
·
-Suti : hiiihh sarumen
·
-Samidi : sabaaarrr
( sakwise samidi
adus,suti adus genti,bar kui wong loro podho mangan bareng..banjur neng mpasar
kulakkan nggo bakulan gorengan neng ngarep omah,neng mpasar suti kroso kliyeng2
ning dewekke ngampet )
·
-Samidi : dek,, kok pucetmen ki npo dek,
·
-Suti : ah mboten po2 kok mas..kirang turu
paling,,kalih kekeselen,,
·
-Samidi : wah opo aku mau bengi mantab tenan ki
yo ( mbatin )
·
-Suti : massssss masssss kulo mboten kiat mas..
panaassss aaaaaaaaahhhhhhhhggggggg ( ngglethak )
·
-Samidi : dekkk dekkkkkkkkkk npo koe dek…
deeeeeekkk tangi dek,,
( Samidi gejala panik..pipine suti di tapuki,,wong2 wis
podho ngrubung,, samidi soyo panik,,dhewekke banjur ngambungi suti karo nyikep
kenceng… tangise wis raiso ditahan meneh mergo suti wis ra ambegan..samidi
semaput.. wong2 podho nulungi banjur ngeterke tekan ngomah……samidi semaput suwi
banget bro..tangi2 kaget sedulur2 do nglumpuk kae kok bro,, tangga2ne do ndonga
bebarengan samidi bali semaput meneh bro)
·
-Sumi : leee atangio leee terno bojomu leeee
tangio ( nangis )
·
-Samidi : ( tangi langsung nangis banjur marani
bojone.. karo nangis samidi ngelus2 rambute suti,samidi ora nyongko..nanging
samidi usaha noto atine )
( kat Dino kui samidi buyar,,sak bubare 100 dino Samidi wis
padhang lan mikirake nasibe selanjute)
·
-Samidi : ( nyawang grobak gorengan )oalah
baaak,grobak,, piye koe ki arep tak jak merantau malah ditinggal yo baaaak
·
-Tugirah : mpun mas mpun..
·
-Samidi : wah tugirah…piye gi,,,
·
-Tugirah : mpun mulai sadean to mas?
·
-Samidi : wis gi,, digorengake mbokde iki mau..
·
-Tugirah : tumbas gedhang gorenge mas,, 10 ewu
nggih..
·
-Samidi : iyo ,, gi tak kandhani yo gi,, aku ki
nduwe rencana gi arep merantau karo suti ee malah koyongeene to gii giiii
·
-Tugirah : lha npo mas,,kok ajeng merantau?
·
-Samidi : yo anggitku ki arep ngrubah nasib to giii
neng ken era ono undhakane..
·
-Tugirah : mboten sah merantau mas,, kulo mpun
nate ngrasakke ngrantau mas, gur dados pelampiasan juragane kulo mas,,
·
-Samidi : yo bedo to gi..
·
-Tugirah : mpun ngeten mawon mas.. kulo gadhah
kios nganggur nggone strategis.. biasane kulo
sewakke mpun mang nggo bakulan mas,, menowo saget benten hasile,,
·
-Samidi : walah gii po yo kuat aku mbayar
sewane..
·
-Tugirah : Mboten sah nyewo mas..
-
Samidi :
( samidi lage ora napsu ) wah ora wae gii,, mbok aku njaluk tulung gi nyileh
dhuitmu tak nggo merantau…
·
-Tugirah : ( tugirah mancing2 gagal )oalah mas..
nggih mpun betahe njenengan pinten benjang enjang kulo uruske nggih,,,
·
-Samidi : iyo giii penting aku keturutan ngrantau
karo grobak iki…gi.. tulungono yo gi..
·
-Tugirah : nggih mas, sak saget2e kulo ewangi..
( Tugirah,, sugih lan nduwe hubungane okeh,,dewekke ugo
nduweni konco2 neng luar negeri,,koyo neng negoro malesiah konco2ne tugirah yo
okeh,,ora gur usaha dhuit,tugirah ugo usaha nggolekke panggonan kanggo Samidi
liwat kancane sing jenenge cik lemur..sakwise sembarang2e di urus tugirah
banjur ngeterke Samidi nyang bandara,,)
·
Tugirah : mas samidi,, niki kulo sagette ngeten
niki nggih,, mangkih numpak montor mabur,,mandhap langsung enten malesiah..
·
Samidi : iyo gi..maturnuwun yo gi,, sak isoh2ku
suk tak bales apiaknmu iki gi,,
·
Tugirah : nggih mas,, niki kulo mpun telpon
konco kulo teng malesiah,namine cik lemur,,mangkih njenengan mpun mbotensah
bingung,,,
·
Samidi : iyo gi,,, wis iki saiki aku kudu
nengndi…
·
Tugirah : nggo mas,,tumut kulo..( ndudohake toto
coro arep numpak montor mabur )
·
Samidi : lha grobakku piye gi?
·
Tugirah : mangkih langsung dikirim teng alamate
cik lemur mas,,
·
Samidi : lha spo sing ngirim gi?
·
Tugirah : mpun kulo pasrahke teng jalur darat
mas,,dikirim ngangge mobile toretto sak kanca2ne,,
·
Samidi : wo yoyoyoyoyoooooo…
( Samidi lage pisan iki numpak montor mabur..neng njero
montor mabur Samidi pikirane ora tenang dewekke arep muntah2,akhire dewekke
turu gen ora kroso yen lagi numpak montor mabur..tangi2 samidi wis tekan
bandara negoro malesiah digugah karo widodari2 sing enek njero montor mabur)
·
-Samidi : wah lha iki to wujude negoro
malesiah..lha njur kudu piye iki bar iki…( plingak plinguk kaget nyawang wong
ayu nenteng tulisan MR.SAMIDI GORENGAN ) ladalah spo kae,,,(Samidi nyedhak)
·
-Cik lemur : pak Samidi ya? Dari Indonesia
temanya ibu tugirah?
·
-Samidi : iyo mbak,, saya temane tugirah,, kamu
Cik lemur ya mbak?
·
-Cik lemur : iya mas bapaaaaak,, saya cik lemur
nak tolong anda..
·
-Samidi : oo yasudah mbak mari tolong saya..
·
-Cik lemur : Mari saya antar jalan2 dulu di
Negara ni,, anggaplah perkenalan,,
·
-Samidi : nggih mbak ayo..
( jessesesesesekkk mreeeemmmmmmmmmmm suworo mobile cik lemur
… Samidi karo cik lemur jalan2 neng malesiah.. samidi gumune rauwis2,,,)
·
Samidi : wah mbak disini banyak gedhung2
yambak,,tinggi2…
·
Cik lemur : iya bapaaak…
·
Samidi : siapa yg tinggal di gedhung2 itu mbak?
·
Cik lemur : itu kantor2 bapak,, bukan rumah..
·
Samidi : owalah mbak…di desa itu ya.. adanya
sawah,,
·
Cik lemur : saya sudah tau bapak.. ibu tugirah
banyak cerita ttg desa bapak..
( sakwise podho mubeng2
Samidi banjur diajak mulih menyang omahe cik lemur,, neng kno omahe
mewah,, samidi gumun,,)
·
-Cik lemur : bapak silahkan tidur di kamar yang
ini ya,, janagan ikut saya,,nanti saya tercemar..
·
Samidi : iya mbak cik lemur.. saya berjanji
tidak akan menyusul bobok ..
( cik lemur lungo soko kamare samidi)
·
-Samidi : oalah to tiii sutii iki gulo aku wis
keturutan merantau ti.. hmmm “mbrebes mili”waduh banjur kepriye iki lehku arep
bakulan,,kulakane nengendi,, lak reregane piye,,bakule yo nengendi iki yo…
-------------------------------------------BERSAMBUNG----------------------------------------------------------------
*** Kuis ***
- Tugirah rencana opo,kok gelem mbantu Samidi tekan negoro maleisah?
coro njawabe : kirim jawabanmu neng pin bbm iki >>> 57B21563
utawa kirim neng nomer iki >>>. 085725019575
*** Hadiah : MANGAN RAMEN GRATIS NENG " KEDAI PEDESS GILA " ***
------------- BATESE NJAWAB TEKAN TANGGAL 16 NOVEMBER 2015 --------------
MATURNUWUN :- Panjenengan Sedoyo
- RIBS & KAFFEIN ( Iga bakar & kopi shop ) jl.pujasera Ungaran
- Kedai pedess gila . Ampel
Rencana Jahat, koyok raimu sg jahhat
BalasHapusbuseeeeeettt kamu buang hajat
Hapus