Langsung ke konten utama

NARYO JURAGAN KRAMBIL

…………………………………..
(Naryo tangi turu..dewekke langsung mlaku menyang sumur mburi omah.).
• Naryo : wah iki gawat,lehku tangi kawanan..selak nenggone pak njaeni sisan.. hmmmm
(Naryo banjur cepet2 adus lan salin mergone selak nenggone pak njaeni nyambut gawe)
“ PLEK PLEK PLEK PLEK PLEK “ suworo sandal suwalone Naryo,,Naryo mlayu mergo selak pekewuh karo pak njaeni…neng tengah dalan Naryo weruh Rubingah lagi memeni..dasare Naryo naksir rubingah,,Ndelalah ngepasi weruh Rubingah lagi memeni Naryo nggaya..celuk2 Rubingah…
• Naryo : Ruuuuuuuubbbingaaahh….
• Rubingah : nopo mas naryo…kok mlayu2..nggayamen biasane ratau olahraga..mending koe ngewangi aku memeni mas hahahaha
• Naryo : aku ora olahraga rub..aku selak di nteni pak njaeni… jare arep di kek'i gawean..
• Rubingah : oalah mass mass ndarakku olahraga,,yo kono mas lak ndang mangkat.. lhakok malah jagongan,,, mumpungane enek sing nawani gawean yo lak di nyangi mas,,po ra pengen rabi eg,,hahahaha
• Naryo : Oh iyo rub, malah lali… sik yoo rub,, dadaaaaa
• Rubingah : yo gage konoooooo
(Naryo teko ngomahe pak njaeni….)
• Naryo : kulanuwun…
• Pak Njaeni : woalah.. rene yok neng mburi sarapan sik,, wis sarapan durung?
• Naryo : dereng pakde..hahaha lha kulo tangi kawanan..
• Pak Njaeni : yo wis gage lak melu sarapan sisan kene.. enek jangan oblok-oblok iki,, karo karak yo enek…segeermen iki…
• Naryo : nggih pakde siap…..
( pak Njaeni sarapan bareng karo naryo…bubar kui naryo karo pak njaeni mulai rembugan,,rodo penting)
• Pak Njaeni : iki ngenne yo,, aku enek gawean nggo kowe,, lha kiro2 koe longgar ora,, minggu2 iki
• Naryo : lha gaweane nopo pakde.. sing penting halal kulo sanggup.
• Pak Njaeni : yo halal to.. opo aku you arep ngakon koe maling?
• Naryo : mbok menowo ngoten pakde,,,
• Pak Njaeni : ngene yo,, nggone mbak benik ki arep mantu,,lha suk kemis kui dho njenang..wingi mbak benik wis weling aku,, kon ngopek'ke krambil..lha iki gaweanku dewe yo iseh okeh,,,pomone koe sing ngopekke gelem ora?
• Naryo : nggih purun to pakde,, kulo nggih nganggur kok tur kulo nggih betah arto….
• Pak Njaeni : yowis naknu kowe lak mangkato neng kebon lor kali kono.. wit krambil sing neng kulon galengan,,kae opekono..
• Naryo : nggih siap….
(Naryo langung neng kebone Pak Njaeni..naryo semangat tenan,,, sakwene mlaku tekan kebon,, naryo ijek kebayang2 Rubingah mau esuk..hmmm)
• Naryo : wah aku kudu semangat iki gen lak nduwe dhuit,, cewek2 gen ora nyepelekne aku,,
(Naryo milehi karmbil2 sing wis layak diopeki…sakwise diopeki krambil2 kui mau langsung di terne neng ngomahe mbak benik)
• Naryo : kulanuwun mbak…mbak benik,,
• Mbak Benik : ooh enten nopo mas,,,
• Naryo : niki mbak ngeterke krambil…
• Mbak Benik : lho kok njenengan mas,, lha pak njaeni teng pundi..
• Naryo : pak njaeni sibuk mbak,, niki mpun kulo opekne sedoyo nggih,,
• Mbak Benik : o nggih mas,,tukon rokok’e sisan niki mas,,kulo pendhetke riyen,, mang tenggo mas,,
• Naryo: nggih mbak…
( Naryo seneng banget,, dhuite okeh,, ora nyongko opek krambil bayarane okeh,,, )
• Naryo : wah penakmen mbak benik ki wonge,, gur ngono we bayarane okehmen…
Bali sik wehh,, adus lak mlaku2,,,yeeeessssss
( Naryo ora ngrasakke kesel mergo saking senenge,,naryo ijek kebayang2 rubingah tanggane sing ayu dewe,,ayu dewe ayu dewe ayu dewe…nanging senenge naryo luntur sak naliko,,mergone,, ngerti Rubingah di boncengake wong lanang sing sandangane resik motore apik,,tur wonge yo nggantheng banget.. )
• Naryo : wooo lha biyajinguuuuuuuk….rubingah di boncengke sopo kae mau????
Wah kudu ngerti iki.. gawat iki nek ngene carane….
(Naryo keponthal2 sing nututi rubingah karo wong lanang misterius kui mau,, suworo sandale Naryo PLAK PLEK PLAK PLEK SOYO BANTER,, saking gregete,, pengen ngerti sopo sing mboncengke Rubingah,,,sak tekane omahe rubingah Naryo nginjen soko siseh omah,, di delok2 dimat2ke tenanan wong lanange)
• Naryo : waaah wis teluk bossss nek ngene iki... kui sopo yo pawak'ane koyo wong sugeh ngono,, yo bener nek rubingah gelem di boncengake.. wah iki aku yo kudu tuku pitmontor… arep tak saingi wong kui…TITENONO KOE MAS MASSS
(Naryo muali gelap mata,,,deewekke wis mulai ora berpikir jernih,,)
• Naryo : lak piye yo iki,,gen isoh tuku pitmontor gawat tenan…
Wah pokoke aku kudu isoh tuku..wah njajal tak tekon wong sing rodok isoh wae iki
Menowo isoh ngekeki solusi..
( Naryo sing lage bingung banjur lungo nyang nggon won sing rodok isoh..nganggo dhuit opah sing opek krambil mau..neng kono Naryo banjur dikandhan2ni karo wong sing rodok isoh kui mau,, dasare Naryo wong uripe pas2an,,dadi yo wajar nek pikirane terbatas ora luas,,wong pendidikane gur SD..sak ngertine Naryo,, Rubingah yo Rubingah sing mbiyen jaman cilikke konco dolane Naryo,padahal ndonya wis owah, Rubingah wis bedo,, nanging Naryo ora mudeng mergo Naryo yo gur isohe aroh2 nak pethuk utowo nak eneng keperluan,,naryo nduwene hape poliponik,,padahal Rubingah nganggone BBM mulakno Naryo kurang ngerti kabar2 terkini)
• Naryo : wah njajal tak takonane si Rubingah..jane spo mau wong lanange..
( Naryo sms Rubingah..nanging ora tau dibalesi,,)banjur di telpon,,
Haloo rub..lage npo rub.)
• Rubingah : iki mas lage neng kamar klekaran, keselmen aku mas..
• Naryo : Lha kesel ki bar npo to rub?
• Rubingah : bar jalan2 mas.. mau sore…
• Naryo : wah jalan2 mbi sopo to rub? Jalan2 nengendi lak’an
• Rubingah : karo kancaku mas… neng toko klambi golek klambi batik kopel mas..
• Naryo : woalah,, konco sing ndi Rub…aku ndak kenal? lha gur klambi batik mpasar okeh to rub..
• Rubingah : nek kopel mpasar yo raenek to mas,,piye lho.
• Naryo : lha kopel ki sing piye to rub..
• Rubingah : kopel ki klambine pasangan mas,, lanang wedok..
• Naryo : oalah,, arep mbok nggo pasangan karo kancamu mau rub…
• Rubingah : iyo mas,
• Naryo : suit suuuitttt calon pacarmu yo rub..( Naryo ethok2 tegar)
• Rubingah : ah isin aku mas takonmu ora2..
• Naryo : ora2 piye to Rub,,kan aku yo gur takon.. wah.. wonge yo bagusmen ngono rub,, ketoke yo wong nduwe yo,, sandangane yo resikmen,,,,
• Rubingah : lha kok koe ngerti ,mas,, ngerti ko ngendi?
• Naryo : aku gur ngawur kok Rub..yowi sik yo rub.. pulsaku mepet.
• Rubingah : iyo mas
( naryo dadi bingung kudu piye,, kareppe pengen nduweni rubingah,, ning rubingahe malah wis tresno karo wong liyo sing luwih sak kabeh2e soko dewekke..Naryo pikirane dadi kenceng..sing di piker piye carane ngrubah uripe,, gen isoh ngluwihi wong lanang misterius kae mau..ujug2 hapene muni,, jebul enek sms soko koncone Naryo sing jenenge Tentrem,, )

--- rembugan lumantar sms---
• Tentrem : mas Naryo pripun kabare?
• Naryo : wah apik iki ntrem,,lha kabarmu piye?dengaren sms,, wis ngasi ameh lali aku mbi koe hahha
• Tentrem : sae mas Alhamdulillah,,
• Naryo : yo beneran,,nek apik2 wae ntrem,, wis rabid rung ntrem?
• Tentrem :dereng to mas,,calon men dereng gadhah kok..
• Narto :halah tenane ntrem..
• Tentrem : tenan to mas,,njenengan niku yak’e sing mpun rabi,,
• Naryo : ora ntrem..lage bingung aku ntrem..
• Tentrem : bingung enten npo eg mas,,,
• Naryo : iki lho ntrem.. kelingan rubingah ora?
• Tentrem : kemutan mas,, rubingah enten npo mas?
• Naryo : wah aku ki ngesir dekne ntrem.. malah rubingah ki wis tresno ro wong lanang liyo e ntrem..
• Tentrem : nggih sabar mas,, dereng jodhone,, lha sakniki pripun mas,,
• Naryo : ah mbuh iki ntrem.. aku yo ramudheng kudu piye,,
( Naryo sing lagi bingung,,dadi wegah smsan,,Naryo mulai Ilang kendhali,samsoyo kelingan rubingah samsoyo edan..Naryo wis tenanan sing seneng Rubingah banjur nduwe pikiran negatip..isuk2 naryo langsung adus banjur mlayu neng nggone nwong sing rodok isoh,, dewekke njaluk cekelan kanggo ngentukke si rubingah,,lan akhire naryo diwenehi cekelan soko wong sing rodok isoh kui mau)
• Naryo : wis ora urusan meneh lawanku sopo,,wong sugeh,,anak jendral..anak presiden aku pra mundur…..
( Naryo wis mikirke langkah2 lan strategi kanggo njajal cekelan ko nggone wong sing rodok isoh kui mau… akhire.. dino kui Naryo langsung mangkat neng Ngomahe rubingah..)
• Naryo : iki kudu dadi..ora keno ora dadi,, kulonuwuunn…
• Rubingah: monggo .. wah mas naryo.. enek opo mas,.
• Naryo : ( meneng2 karo umak umik moco rapalan,,ngempakke cekelan )
• Rubingah : ah mas naryo I,, malah npo lho ngematke aku ngono…( rubingah kroso enek sing bedo,,dewekke dadi kesengsem karo Naryo )
• Naryo : ora popo rub.. dolan2 wae iki,,,
• Rubingah : o iyo mas,, gawekke wedang ora hihi..
• Naryo : ora rub… aku selak lungo kok…
• Rubingah : oh yowis mas naknu ra tak gawekke wedang wae,,
• Naryo : wis sik yo rub,, ngko tak rene meneh aku tak lungo sik..
• Rubingah : iyo mas,,cepetmen to sing dolan gur ngono tok
( Rubingah sing wis keno jopo montro kui mau dadi buyar,,pikire kopyor,, sing di eling2 gur Naryo..deewekke ora ngerti sebabe ning sing dipikir bab katresnan yo gur naryo..)
(liyo dinane junedi pacare rubingah moro menyang omahe rubingah,, nanging junedi bingung karo sikape rubingah sing mendadak ,maleh, wis ora ono kemistrine,,wis ilang sensasine,,dewekke langsung curiga,,)
• Junedi : enek opo iki kok rubingah maleh koyongene,, pandhangane bedo,,
( junedi langsung mlaku2..mubeng neng sekitar tangga2ne rubingah..)junedi ketemu tanggane rubingah sing jenenge cenil..nengkono cenil cerito okeh banget nanging ora ono informasi ganjil opo2 ngenani rubingah…
( junedi usaha ngilangake pikiran pikiran negatipe marang rubingah…akhire junedi bali nanging atine rodo keganggu…Naryo sing wis berhasil melet si rubingah soyo gencar anggone nyedhaki rubingah ngasi junedi rong ndino pisan moro nenggone rubingah.lan ora sengojo naryo ketemu pacare rubingah yoiku junedi,,,junedi kaget,,naryo yo kaget..)
• Naryo : lho jun.. kok kowe eneng kene arep npo,,
• Junedi ; lhoh,, lha koe kok yo enek kene..wah lha aku kan pacare rubingah yok..
• Naryo ; lha dadi sing mboncengke rubingah kae kowe?
• Junedi : iyo bener yok.. kok kowe ngerti..
• Naryo : yo ngeti aku kan gur tanggane rubingah..
• Junedi : owalah iyo aku lali… piye kabarmu..nyambut gawe ngendi yok..
• Naryo : halah yo gur sak kecekele iki,, lha kowe,,
• Junedi :iki aku saiki kerjo neng BII yok,, dadi tukang tageh..
• Nayo ; BII ki opo jun,,
• Junedi : bank inclak-inclik yok…
• Naryo : mbatin ( ooo lha biyajinguuuuuk..malah dadi wong sukses asune siji iki,,naryo karo gethem2)
• Junedi : wah aku kok dadi bingung karo rubingah yo yok, saiki dewekke bedo eg..wis ora ono gregete karo aku enek opo yo yok…
• Naryo : mbatin ( wah berarti pellet sing ngekeki wong rodok isoh wingi kae manjur tenan iki..) wah aku yo rangerti to jun.. lha piye to..?
• Junedi : ah yo ngono kae koyo wis ilang sayange karo aku yok..
• Naryo : Horooook yogene wah aku rawani njawab jun..
( ngiiiieeeeekkk,,,,,,,,,, rubingah mbukak lawange sing engsele rodok seret mergo garing oline..)
• Rubingah : lhoh kok do ngumpul enek kene to do reuni po piye??
• Junedi : iyo iki,, malah isoh ketemu naryo enek kene,,koncoku sekolah karo memet mbiyen hahaha
• Naryo : ( karo ngampet roso cemburu) wah iki beneran tenan malah isoh do ngumpul ngene iki yo hahaha….
• Rubingah : Yowis ayo gage lak gentenan siji-siji…hihihihii
• Naryo : apane sing gentenan rub??
• Junedi ; malah gentenan ki piye jane.. hahha
• Rubingah : gentenan sing do mlebu ki lho,,, wong loro bareng yo racukup to…hahha
• Junedi,Naryo: ngomong bareng ( Mlebu apaneeee??????)
• Rubingah ; mlebu lawang ki lho maksute…mbok ra do ngeres pikiraane ( karo nglirik naryo,,,,,)
• Junedi : mbatin ( wah iki kok rubingah lirikane neng naryo rodok bedo iki,,, wahhh gawat…
• Naryo ; wah lirikane rubingah manteb tenan…hmmmm ( karo degdegan seneng)
• Rubingah ; wis ayo gage lak do mlebu… malah do dlongap dlongop….
( uthik uthik uthik uthik uthik uthik.. suwara cendok natap gelas,,Rubingah gawe wedang.. )
• Rubingah : wah yungalahh mas naryo jan ra nguwati tenan,,mas junedi we liwat hemmmmm ( mbatin karo ngguya ngguyu )
( rubingah banjur nyugohke wedange marang wong loro Kui mau.. WEDANG TEH,,UDU WEDANG SPESIALE RUBINGAH…)
• Rubingah : nyo mas wedange lak di sruput mumpung ijek angeet ijek tak tutupi kok..hihihii
• Naryo : mbatin ( wah iki soyo rakaruan,,, rubingah malah mincing)
• Junedi : iki jane enek opo yo kok rubingah soyo koyongene,, ( mbatin bingung )
• Naryo : yo bukakno sisan gen rodo adem to rub,,, lak tak srupute..hahaha
• Rubingah : iyo iyoo maaaaass,, tak bukakke.. huuuhh
• Junedi : ( kempropok cemburu) yoh tak ombene panas yomen,,,gen lego telakku
“””tungkling tungkling”””” blekberine junedi muni..jebul wis wayahe kudu nagehi..lha junedi bingung,, dheweke ora mentolo ninggal rubingah karo naryo..wong dasare junedi wis rodok kroso bedo..
• Naryo : di sms sopo jun kok raimu malah pucet..
• Junedi : iki dibbm nasabah
• Naryo : opo jun? kon njipuk gabaah???
• Junedi : gabah matamu ( junedi mulai ora kontrol)
• Rubingah : huuussssh opo to jane malah misuh,, kui ki nasabah mas naryooo udu gabah jahahahaha mas junedi rasah kasar to,, mesakke mas naryo,,
• Naryo ; hahaha rapopo wis biasa.. lha aku yo ramudeng og..
• Junedi : mbatin ( Biasa tai) .. yo rapopo yok hahahha wah aku tak metu sik yo…tak nagehi sik ngko tak rene neh,,,
• Rubingah : lha nagehi nengendi to mas.. suwe ora??
• Junedi : yo rodok sakwetoro.. lha piye to..
• Rubingah : yo nak suwe ki..tak guwakke wedangmu,,aku yo wegah ngombe tilasmu mas,,hahahaha ora2 mas,,tak tutupane sing rapet...
• Naryo : mbatin ( wis lak minggato wae jun jun selak ngadeg tendhoku)
• Junedi : waah niki nak tak tinggal rubingah gawaaat iki.. wong loro wis do ketok klop ngene..gek gek wedange arep di sruput..) wah yowis tak mangkat sik..( “mblaaaar” junedi mancal selah GL MAX inventaris Bank inclak inclik)
• Rubingah : haayo mas naryo wedange lak disruput..
• Naryo : jane opo to rub.. kok kemrungsung..yo di bukak sik tutupe,,hmmm ( naryo konak)
• Rubingah ; ah kesuen mas,,,
• Naryo : yo alon2 to rub…
• Rubingah ; yowis tak adus sik we mas..
• Naryo : mbok ngko wae sing adus rub.. sisandene..
• Rubingah : ahh yo ra seger to mas nek ra adus sik..yowis tak tinggal sik..opo arep meluuu hihihihihihiihi
• Naryo : mbatin ( wah ndlogok iki ngadeg tenan tendho ku,,) yo kono gage lak adus tak nteni .. sing resik lho yo….
• Rubingah : yo mes to tiiiiiiiii huuuuuuuuu
• Naryo : ( ngomong dhewe) wah nak ngene carane mbethat tenan iki geeerrrrrrrr
( Rubingah adus kanthi cepet,, mergo kebayang2 naryo sing rumangsane arjuno..deweke banjur kembenan andhuk.. lak mlaku liwat ruang tamu sing enenng Naryo neng kono..)
--- sribiiiiitttt ----
• Naryo : walahlahhhh ambune shampoo lefboe.. rub,, kowe kok malah rene npo.. gage lak klamben kno.. kembenan tok nek mplorot piye,,
• Rubingah : halah mas,, mplorot mbok yo ben wong do rangerti we kok…hihihihihiuyuuuuuu
• Naryo : halah tenane ruub..mplorot tenan sokor kowe,,
• Rubingah : yo ben toooo ( lambene rubingah mecucu sajak nantang )
• Naryo ; wiiisss kowe ki ruuub ruub.. rasah klamben weh.. ngancani mbedang..
• Rubingah : hmmm seneng no mas yo wisss ayo tak kancani mbedang..
• Naryo : yo ra ah.. salin sik no..
• Rubingah : iyo iyooo..( mlebu kamar krusak krusek karo nyanyi…)
• Naryo : wahh tubruk wehh wis kadhung koyongene…( naryo mondar mandir neng ngarep lawang kamare rubingah….ruuuub aku njileh cescesan hape enek..
• Rubingah : enek iki mas neng njero kene jipuken .. ( mbukak lawang kamar)
• Naryo : ( kaget nyawang rubingah ora klamben .. naryo banjur mlebu,,gandheng wong loro podo khilaf… Naryo lan rubingah mabur bareng..koyo neng surgo rasane.. hmmmmm)
• Rubingah ; mas uwis mas,, mas junedi arep rene neh lhooo hmmm hemmmm
• Naryo ; halah sedelok ngkas rub,,
• Rubingah : wis ah mas,,,,( Nyaut klambi )
• Naryo : wahh mbok pendhak dino ngene iki josss tenan…
• Rubingah : hmmmm wis plong yo mas,…hiik
• Naryo : wis gage ayo lak metu…
• Rubingah : iyo tak klamben sik..
( Rubingah karo Naryo banjur neng ruang tamu ngenteni mbok menowo junedi bali meneh,,ndelalah tenan,, junedi moro meneh,,)
• Junedi ; weh wedangku wis adem iki yo hmmmm
• Naryo : iyo lak diombe wae jun… oh jun aku meh usaha iki ning aku ra nduwe modhal…( ngalihke perhatian gen junedi ora nggagas aneh2)
• Junedi : usaha piye yok.. nek modal ki gampang ngajokne pinjaman nenggonku wae,,
• Naryo : wah tenane jun,, nek isoh aku pengen bakul krambil jun ..
• Junedi ; yo tenan yok.. tak uruske nek kowe gelem.. ning yo ojo lali tukon rokoke,,
• Naryo : yo rapopo urusno yo jun..
• Junedi : yo gampang….
• Rubingah : hayoo do rembugan opo…
• Naryo : iki to.. aku arep njaluk tulung karo junedi..
• Rubingah : njaluk tulung opo mas,,
• Naryo : aku pengen usaha gen uripku nggenah to yuoooooo hahaha
• Junedi :iyo rub.. gen awakedewe sak konco2 ki do dadi uwong kabeh hahaahha
• Rubingah : yo kono mas,, do urusono urusanmu.. aku tak ndongakke wae yo hihihi
( sakwise kui asmorone rubingah mbi Naryo samsoyo ra kebendung.. si naryo ugo berhasil anggone golek modhal mergo ditulungi junedi,,,naryo sukses tenan anggone bakulan krambil )
• Naryo : wah iki beneran tenan nek ngene iki.. opo aku ngrabi rubingah wae yo.. tresno tenan aku…ah tak nyang pasar sik ..
( Naryo mangkat bakul krambil neng pasar,,neng pasar,, naryo ketemu tentrem..)
• Tentrem : mas,, nempil krambile setunggal mawon mas,,
• Naryo : nggih mbak,, lahh koe to ntrem.. ( Naryo kaget tentrem dadi ayuuuuu)
• Tentrem : hihi njenengan sakniki sadean krambil mas,,kadose lancer nggih..
• Naryo : iyo ki ntrem.. hahaha
• Tentrem : nggih mpun mas nggih kulo selak mantuk…
• Naryo : iyo ntrem,,
( mbengine.. naryo smsan kambi tentrem,, niat pengen ngepek bojo rubingah dadi buyar,,mergo tentrem luwih ayu..naryo dadi sregep sms tentrem)
• Naryo : wah wis ngoyak tentrem we,,rubingah gen karo junedi,,
( sms tentrem ngajak ketemu)
• Tentrem : dengaren mas.. njenengan sms,,
• Naryo : iyo ki ntrem, rasane aku pengen weruh koe meneh..
• Tentrem : nggih mpun to mas,, kulo pendak isuk teng mpasar..
• Naryo : wahh beneran ntrem sesuk tak tukoke soto mbak tari.. enak tenan ntrem..
• Tentrem : nggih mas,,,
• Naryo ; wah kesempatan iki ..tak empakne meneh ilmu ko nggone wong rodok isoh wingi kae nggo tentrem,,
( Naryo nduwe pikiran arep melet tentrem.. isuke naryo sido ketemu karo tentrem,, lan mangan soto nggone mbak tari..)
• Naryo : umak umik moco rapalan karo ngematke tentrem,,
• Tentrem : mas njenengan niku npo to mas,,hahahaha
• Naryo : ah ora popo ntrem..hahaha
• Tentrem : mas maturnuwun lho nggih.. mpun di tumbaske soto,,,hehe
• Naryo : iyo ntrem santé wae..
• Tentrem : pripun mas,, rubingah sios mango yak mboten..
• Naryo : ah ora wae ntrem wong rubingah jebule pacare junedi koncone dhewe mbiyen kae ntrem..haha ( Naryo ethok2 ora ngoyak rubingah)
• Tentrem :nggih malah sae mas…mboten ngrusak hubungane tiyang nggih..
• Naryo : iyo ntrem,, hahaha lha koe wis nduwen calon during ntrem???
• Tentrem : Dereng mas.. kulo alon2 mawon kok…nggo mas nggo lak mantuk .. mpun di nteni blanjane,,
• Naryo : yowis ayo ntrem,,aku yo selak bakul..
( Sakwise ketemu tentrem,,naryo wis wegah marani rubingah,, lha rubingah sing wis di pellet naryo lan wis mabur bareng naryo “penak”… jebule meteng,,)
• Rubingah : WUOOOOK WUUUOOOKK.. haduh kok wetengku muer2 kongene iki..ojo2 aku meteng bar penak karo mas naryo,, ah njajal tak tese ngko bar adus..
( Rubingah bar adus langsung neng apotek tuku multitester nggo ngetes dekne meteng opo ora..sakwise tekan ngomah lan ngetes,, jebule rubingah positip meteng,,
• Rubingah : HAAAAAAAAAAAA aku meteng kik,, piyye iki haduuuh huaaaa huuuuu huuuu aku kudu nggolekki mas naryo..( Rubingah nusul naryo sing lagi bakul neng pasar,, rubingah langsung crito karo naryo,,)
• Rubingah : mas aku meteng mas,, bar penak wingi,,, iki piye jal..
• Naryo : halah rasah ngapusi rub,,,
• Rubingah : Nyo iki buktine aku meteng koe kudu ngrabi aku mas..
• Naryo : yowis ayo bali sik dirembug…piye penakke
• Rubingah : mboh mas,, pokoke kudu ngrabi aku
( ndelalah kahanane Naryo sing lage gandrung karo tentrem.. wegah ngrabi Rubingah.. naryo ngeboti tentrem.. rubingah setres.dewekke crito do ra di percoyo yen di tengi naryo,, wong ngertine tangga2ne rubingah ki pacare junedi..rubingah njajal nghubungi junedi,,)
• Rubingah : halloo mas,,
• Junedi : Haloo rub enek opo???
• Rubingah: koe reneo mas penting iki mas,,
• Junedi : penting opo ruub??/
• Rubingah : pokoke reneo sik kok ngeyel…
• Junedi : iyo sik delok tak rono..( Ngeeeeng,,, mbruung mbruuung junedi nyelah GL MAX inventaris bank inclak inclik) limang menit junedi tekan ngomahe rubingah…
• Rubiangah : mas tak kandani..
• Junedi : kandani opo gage..
• Rubingah : aku meteng ki mas,,
• Junedi : rasah guyon rub,, aku rung tau ngapak2ne koe ..
• Rubingah : iyo mas,, aku metenge karo mas naryo..mas naryo ragelem ngakoni mas
• Junedi : opo? Naryoooo? Biyajingan tenan asune kae,, lak tenan to,,firasatku,,( Junedi emosi nanging dewekke nyoba ora kegowo suasana..wis ngerti kahanane rubingah susah mosok yo arep nambahi susah,,)
• Rubingah : ( nangis ) mas,, ak unjaluk ngapuro yo mas,,aku raisoh njogo awakku..Rubingah banjur ngekep Junedi..
• Junedi : ( deg2an karo mesakke) yowis lah rub,, sego wis dadi bubur,, wis koe sing sabar..junedi ngelus2 rambute rubingah karo ngambung bathukke..
• Rubingah :maturnuwun yo mas,,,( ngekep junedi soyo kenceng)
• Junedi : ( kroso anget) banjur junedi ngambungi pipine rubingah,,rubingah pasrah mergo wis kalang kabut,, akhire junedi tekan area terlarang anggone ngambungi rubingah,,lan wong loro kui akhire mabur penak suwe bangggeeettt)
• Rubingah : maaaasss,, aku mbok rabi yo mas,,aku isin mas,,
• Junedi : iyo wis rub.. tak tanggung jawab..aku tresno sliramu ra mandhang statusmu kok..
• Rubingah : maturnuwun yo mas,,, ( mbaleni penak meneh )
( Ora babggo suwe,,selak gedhe wetenge rubingah..Junedi ngrabi rubingah..lan wong loro kui bebrayan kanthi normal koyo umume wong2. Naryo lego,,mergo dewekke ora perlu ngrabi rubingah ……naryo sing gandrung karo tentrem ngoyak2 tentrem tenanan nganggo cekelan)
• Naryo : ( nemoni tentrem,, Mbaleni ilmu palette,,) ntrem,, yo dolan2 yo,,
• Tentrem : wah mboten saget mas kulo,, kulo ajeng tengomah mawon kok,, kathah gawean..
• Naryo : ( lho piye to iki,,kok tentrem biasa2 wae) batine Naryo
• Tentrem : mas mang mantuk mawon.. kulo sibuk..
• Naryo : yooooooo tak bali,, ( wah aku kudu nemoni wong rodok isoh meneh iki)
( tekan nggone wong rodok isoh naryo diwenehi cekelan sing luwih dhuwur tingkatane,, dikon ngamalke wayah bengi)
• Naryo : iki mesti isoh,, pujopajapuuuuuuuuu mbengi2 naryo nglakoni opo sing di perintahke karo wong rodok isoh kui mau…
• Tentrem : Bismillah…..( sholat tahajud) ..
• Naryo : ( klabakkan..muser2 gulung2,, ilmune mental .. mbalik nyang awake dewe)
• Tentrem : iki mau opo yo kok perasaan koyo enek sing teko,,koyo mas naryo,, kok langsung ilang
• Naryo : waaahahahahahaha aku suggeehhh aku juragan krambilllll kabeh wong wedok gelem karo aku.. aku sesuk nduwe bojo teluuuuuuuuuu ( bengak bengok neng ngarep omah )
(tangga2ne do tangi kabeh do moro ndelok naryo sing gulung koming karo bengak bengok)
“” Naryo edan.. naryo edaaann.. tangga2ne podo moro..naryo banjur diamanke jak mlebu ngomah karo do di gujengi.. tangga2ne do kaget enek barang2 dukun neng ngomahe naryo,, “
• Pak Njaeni : iki Naryo kok dadi koyongene yo cah yo..
• Junedi : pak,, niku mpun balesane sing kuoso kanggo naryo pak,,
• Rubingah : gen kapok niku pak,,
• Pak Njaeni : ojo do ngono dik cah,, wong ki tumindak mergo ono sebabe..
( Naryo ditahan warga ngasi esuk,, ditunggoni)
• Naryo : TENTREEEEM reneo ntrem… aku tresno ntrem..( Nangis gerok2 )
( Ngerti kahanan koyongono Junedi inisiatip nyelukki tentrem..nadyan di tulungi malah manthung,, junedi iseh nganggep Naryo konco..Junedi banjur menyang omahe tentrem)
• Junedi : kulonuwun…
• Tentrem : ngggih monggo :
• Jnedi : ntrem,, wis ayo saiki meluo aku,, naryo gawat ntrem..
• Tentrem : gawat pripun to mas,,
• Junedi :naryo edan ntrem,, nggolekki kowe,, ayo gage..
• Tentrem : mbatin ( wah opo perasaan pas mbengi kae yo ) nggih mpun mas nggo mangakt…
• Junedi : ayo
( tekan nggone naryo,, tentrem kaget ndelok kahanane naryo,,,dewekke ora nyono ora ngiro,,)
• Tentrem : mas naryo,,, kulonuwun mas,,
• Naryo : TENTREEEEEM ENDI TENTREEEEEM
• Tentrem : niki kulo mas enten mriki..
• Naryo : tentrem kon rene….
• Tentrem : moco donga banjur ngomong,, mas.. kulo mpun ngapurani njenengan mas,, niki kulo enten mriki mas…
• Naryo : sitik2 sadar,, (dewekke wis rodo tenang,,, kahanane rodo aman,, tangga2ne mulai do bali..)
• Tentrem : mas,, mange ling kalih gusti mas,,
• Naryo : ( pringas pringis )
• Tentrem : mas Junedi .. mangkih mang padoske tiang ken ngancani mas naryo nggih,, mesakne nek kiyambak,,
• Junedi : iyo gampang ngko gentenan ro tonggo2 ntrem.. piye? Kowe arep bali?
• Tentrem : nggih mas..
• Junedi yow is ayo tak terke,,
( sakwise kahanan kui.. usahane Naryo bangkrut ratau diurusi,, uripe amburadul kepangan cekelane,, naryo edan kumat2an.. ora ono sing ngurusi,, akhire naryo edan nemen mlaku tekan ngendi2 ra nggenah parane .. setahun suwene tonggo2ne podho krungu kabar yen naryo di tamping neng RSJ.. lan rubingah ngalirke anake hasil silangan junedi & naryo ,, )
----------------------- TAMAT ---------------------------

Komentar

  1. Syahduu.. Ending-e yo mung dadi gendheng koyok sg gawe

    BalasHapus
  2. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

KORBAN JAGAL BAYARAN

 Saben dina,saben teka wayah wengi.Aku lan tunggal sak bangsaku padha digawe geger,di opyak - opyak kantentremanku.Ora kana ora kene,sak ngendi-ngendi parane,getih pating dlewer,nyawa ucul okehe ra kena diitung.  Aku lahir tanpa ngerti sapa bapakku sapa ibuku,kat cilik aku wis awor diopeni karo tunggal-tunggalku.Kebutuhan pangan ora tau kekurangan,aku kepitung cukup.Vitamin ora kendhat,vaksin anti penyakit yo ora kurang,panggonan yo ajeg resik tanpa kudu resik-resik,wis enek sing dijatah ngresikki.  Aku lan tunggal-tunggalku saben dinane yo mung kepenak,ana sing ngasuh.Saben ndinane disetelake lagu-lagu,yo kadhang pengasuh-pengasuh kui mau ana sing ora pener anggone nyambut gawe,nanging ora dadi masalah aku lan tunggal-tunggalku tetep kepenak.  Tengah wengi nalikane aku lan tunggal-tunggalku turu,aku krungu swara gemuruh,rada kantrog aku banjur tangi,nyawang kahanan biasa-biasa wae,malah enek tunggalku sing lagi mangan,aku bali turu meneh saking ngantuke. ' jeglek br...

NGLAMAR DEK NUR

NGLAMAR DEK NUR --------------------------------- " Yuh rasane dek lego tenan rasane atiku..."  Saka dongane wong akeh..sing akhire di kabulake Gusti Pangeran,wengi kui wong sak desa pada sukuran bareng-bareng nggodhog talok.Slondhok sing kondhang juragan talok neng ndesone yo melu sumbangsih talok 3kg mergo lagi podho seneng kabeh wong sakdeso.Koyo-koyo kukul sing mentheng-mentheng akhire mecothot,lego. ----------------------------------  -Slondhok : weeeee nyo ki tak kekki talok 3 kilo di godhog bareng yo caah ! (.karo sumringah kae sing ngulungke ) -Jumanto  : yooo sippp ning jane ngene iki ki pendhak dina ndhok.. -Slondhok : hayo pendhak dina gundhulmu kui hahahaha iki wis aku melu seneng Ngatemin sido lamaran haha,wis sik kono yo,podho di penakke...aku tak glidhik sik.. -Jumanto : turnuwun lho ndhok kowe pancen jos.. -Lastri : iyo masss apikan men gelem ngekki talok yuuuuuuhh .. -------------------------------------.  Wengi kui kabeh wong podho sene...