RENG,USUK & GENDHENG
Minggu-minggu prei kerjo,acoy lan tumidah nglegakke seneng-seneng,dolanan pasaran mbi omah-omahan.Wong loro podho kerjasama nyiapke bahan-bahan kanggo mbangun omah-omahan,yo bagor,blarak,carang lan liyo liyane sing kiro-kiro isoh di nggo mbangun omah-omahan.
acoy nginbok tumidah. " dah,aku wis nggowo bagor ko ngomah,sanguo rapiah yo,ngko nggo naleni butoh rapiah akeh ki,pakmu lak bakul to,butoh njipuk wae,kiro-kiro akeh nek turah di dol ".
tumidah mbalesi." heh opoo? butoh njipuk? rapiah ki yo sing kulak,mbayar ora gur njipuk."
karo ngguyu acoy mbalesi genti. " yowis tak bayar ning bayarane sisan nggo asok tukon ngrabi koe yo. "
" mboh,wongedan sik tak adus sik ". tumidah langsung nyaut andhuk lan piranti adus cepet-cepet adus selak arep minggon mbi acoy.
acoy yo podho semangate,dhekne adus sisan lak cepak-cepak arep minggon.
" waiki aku kudu lak golek bahan iki,wis enek bagor,blarak nggo eyup-eyupe ngko golek kebon biyasane enek,sik-sik sing genah iki aku kudu sangu karpet haha menowo anu."acoy wis siap garek mangkat.
( pluk pluk pluk pluk ) hapene acoy muni.
" iki mesthi tumidah sing nginbok " acoy mbukak hape,
" coy aku wis otewe kebone pakku " inboke tumidah.
" asoooyyyyy dah " acoy mbalesi.
Cah loro ketemuan neng kebone pakne tumidah,lha ojo mikir wong loro iki bakal kithul lho,neng kebon yo akeh kancane sing arep dho dolanan ora gur acoy karo tumidah thok,enek jay karo siyah.
sakwise dho ngumpul wong papat dho dum-duman tugas,enek sing golek nggon,enek sing mbangun,enek sing rekak-rekake masak.
si jay karo acoy kerjasama mbangun omah-omahan disambi ngemil grubi sing sangu ko ngomah,tumidah karo siyah sibuk pasaran,rekakke bakul mbi masak-masakan.
" jay,menurutmu mbiyen ki sing nemokke alat-alat nggo mbangun omah ki sopo? "
acoy takon tenanan.
" matamu kui padhakke kene ki ahli sejarah po piye,takon kongono,,lorooo kowe ki."
si jay nyaurine rodo ngegas.
" lha aku ki takon tenanan jay,jajal gagasen sing ditemokke ki endi sik? antarane gendheng karo reng mbi usuk,opo wong ki gawe gendheng sik lagi ngiro-ngiro ngrancang reng mbi usuke,opo nemokke reng mbi usuke sik lagi gawe penelitian terus ditemukan gendheng?"
acoy njlentrehke pertanyaane saking penasarane.
" gagasen dhewe nyuuuuk ramudheng aku,karuan nguntal grubi malah enak "
Karo mbatin penasaran,acoy nglanjutke mbangun omah-omahan.
" jane dho rembugan opoooo,tum rungokno pitakone yangmu kae lho oramutu. "
siyah rodo gemes.
" iyo ig ramutu,ning nak digagas yo enek benere lho yah,njajal gagasen sik endi sing ditemokke... "
tumidah nyauri siyah.
Komentar
Posting Komentar