Langsung ke konten utama

KOPI CAIR & POGUNG PADAT GORENG




Sumeh berhenti menghisap rokoknya dan mencegat Pak Plengeh melanjutkan hisapan rokoknya dengan memasang ranjau pertamanya.

" Pak,mosok mati niku mengakhiri hidup? ".

Pak Plengeh kaget dan ngampet ngguyu...
" he?,mbok kosik...tak nyerot udut sik haha kesusu wae ".

Pak Plengeh dengan santai dan tampak begitu menikmati hisapan rokoknya...
' Fuuuhh '

"piye mau? takon piye kowe mau?"
Pak Plengeh kembali ke medan rembug yang dirasanya akan berlangsung perang panjang.

"Nopo mati niku mengakhiri hidup to pak?" Sumeh juga kembali ke medan rembug dengan ranjau pertamanya tadi. " mosok nggih pak? mati kok akhir dari kehidupan?bukane sebenarnya mati adalah awal dimulainya kehidupan yang sehidup-hidupnya pak...kula pernah mireng saking simbah,patenana uripmu yen pengin nggayuh gustialah,,,dari nada dan gaya bahasane simbah,kula yakin,niki sanes bahasa kulitan,kudu di oncekki.beda ketika simbah nyuruh..seperti,gage kuwi lak diombe wedange,genah nak niku bahasa kulitan/langsungan.Berarti niki sanes mati dari hidup nggih pak nggih"

" Mangsute piye kuwi,wah aku ramudheng. " Pak plengeh tampak senyum-senyum kecil.

" Halah kula yakin njenengan mudheng pak...pak... " Sumeh tertawa dan kembali menghisap rokonya.

" Yo mbuh salah mbuh bener yo,nek ndeloki bahasane patenana uripmu kuwi mau yo memang raiso langsung dipangan,haha koyo wong-wong gon pesbuk sing enek berita langsung main pangan wae,sithik-sithik padu haha. mungkin yoiso wae kuwi artine.. yen pengen ngrasakke gustialah pengen nyedhak berarti kudu ngerem utawa menomorduakan dunia...dudu terus mentah-mentah ora golek dhuit lho,wong urip yo kudu golek dhuit.Menomorduakan nafsu-nafsu duniawi mungkin mangsute...".Pak Plengeh mulai membuka pertahananya dan sedikit masuk medan perang panjang.

" hmmm nafsu dunia nggih pak? wah nak nafsu niki nak enten dunia enten non dunia no pak? berarti nafsu niku nggih fisik dan non fisik pak,wah nak nafsu fisik dunia lak genah umum,wah jangan-jangan nafsu non dunia niku bisa terjadi di saat-saat sakral seperti berdoa lho pak,kan berdoa termasuk non duniawi meskipun ada yang tujuanya untuk duniawi..." Sumeh kembali menaruh ranjau dan sedang bersiap mengokang senjatanya,pertanyaanya mulai berkembang menjadi hentakan pembuka perang di medan rembug,sedang di sisi lain,Pak Plengeh tampak mulai ikut arus perang Sumeh.

" Sik sik ... tak neng mburi sik,kae koyone mbok wedok nggoreng pogung meh."
Pak plengeh nyuguhi pogung goreng...

" Nyo meh pogung goreng lho...wenak iki...oiyo meh nafsu di dalam doa yo..memang meh...berdoa ki jane yo njaluk yo... ning njaluk ki yoiso nafsu lho,tipis banget batasane,mulane nak simbah-simbah kae ndonga ora njaluk meh.."

Sumeh agak bingung,mikir dhilit sambi ngicipi pogung goreng dan nyruput kopi...
" Lha terus pak,nek ndonga kok mboten njaluk ki pripun ? "

" yo nek simbah-simbah mbiyen intine mung pasrah didalam berdoa meh.. contone njaluk jodho yo... sing ndonga ora ' gusti...kulo nyuwun jodho sing ngene ngono... ' ora ngono meh... ning ngene biasane ' gusti kulo namung sakdremo mlampah ikhtiar ajeng bebojoan,mpun borong panjengan anggen mernahke  jodho kula ' kan gustialah wis luwih ngerti jodho koyongopo sing mbok butuhke,sing cocok nggo kowe dsb..iki jajal pikiren meneh rasakno meneh...ndonga ki njaluk opo masrahke...nek menurutku okeh benere,nek njaluk ki malah cenderung nuruti nafsu kekarepan...ning nak masrahke ki wis wujud kepercayaan dan keyakinan neng gustialah bahwa Dia ki wis luwih mudheng dan orasah kowe nggleleng-nggleleng ngandhan-ngandhani gustialah...ning yo kuwi..iki mungkin akan berbeda di kasus yang berbeda di ruang dan waktu yang berbeda lho...ingat meh kopi diciptakan berupa buah padat to,ning iki mbok ombe dalam keadaan cair...pogung e...dari keadaan mentah di godhog sik terus di goreng lagi enak dipangan,mbuh piye wae to meh,,,apike di laras sik diurai,ojo langsung diuntal di golekki sing paling presisi dengan permasalahan tur yo di selesaikan dengan keindahan .. wis presisi tur indah .. penak meh... presisio nek ora disertai keindahan yo isoh dasi ra penak kok meh... "

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KORBAN JAGAL BAYARAN

 Saben dina,saben teka wayah wengi.Aku lan tunggal sak bangsaku padha digawe geger,di opyak - opyak kantentremanku.Ora kana ora kene,sak ngendi-ngendi parane,getih pating dlewer,nyawa ucul okehe ra kena diitung.  Aku lahir tanpa ngerti sapa bapakku sapa ibuku,kat cilik aku wis awor diopeni karo tunggal-tunggalku.Kebutuhan pangan ora tau kekurangan,aku kepitung cukup.Vitamin ora kendhat,vaksin anti penyakit yo ora kurang,panggonan yo ajeg resik tanpa kudu resik-resik,wis enek sing dijatah ngresikki.  Aku lan tunggal-tunggalku saben dinane yo mung kepenak,ana sing ngasuh.Saben ndinane disetelake lagu-lagu,yo kadhang pengasuh-pengasuh kui mau ana sing ora pener anggone nyambut gawe,nanging ora dadi masalah aku lan tunggal-tunggalku tetep kepenak.  Tengah wengi nalikane aku lan tunggal-tunggalku turu,aku krungu swara gemuruh,rada kantrog aku banjur tangi,nyawang kahanan biasa-biasa wae,malah enek tunggalku sing lagi mangan,aku bali turu meneh saking ngantuke. ' jeglek br...

NGLAMAR DEK NUR

NGLAMAR DEK NUR --------------------------------- " Yuh rasane dek lego tenan rasane atiku..."  Saka dongane wong akeh..sing akhire di kabulake Gusti Pangeran,wengi kui wong sak desa pada sukuran bareng-bareng nggodhog talok.Slondhok sing kondhang juragan talok neng ndesone yo melu sumbangsih talok 3kg mergo lagi podho seneng kabeh wong sakdeso.Koyo-koyo kukul sing mentheng-mentheng akhire mecothot,lego. ----------------------------------  -Slondhok : weeeee nyo ki tak kekki talok 3 kilo di godhog bareng yo caah ! (.karo sumringah kae sing ngulungke ) -Jumanto  : yooo sippp ning jane ngene iki ki pendhak dina ndhok.. -Slondhok : hayo pendhak dina gundhulmu kui hahahaha iki wis aku melu seneng Ngatemin sido lamaran haha,wis sik kono yo,podho di penakke...aku tak glidhik sik.. -Jumanto : turnuwun lho ndhok kowe pancen jos.. -Lastri : iyo masss apikan men gelem ngekki talok yuuuuuuhh .. -------------------------------------.  Wengi kui kabeh wong podho sene...

NARYO JURAGAN KRAMBIL

………………………………….. (Naryo tangi turu..dewekke langsung mlaku menyang sumur mburi omah.). • Naryo : wah iki gawat,lehku tangi kawanan..selak nenggone pak njaeni sisan.. hmmmm (Naryo banjur cepet2 adus lan salin mergone selak nenggone pak njaeni nyambut gawe) “ PLEK PLEK PLEK PLEK PLEK “ suworo sandal suwalone Naryo,,Naryo mlayu mergo selak pekewuh karo pak njaeni…neng tengah dalan Naryo weruh Rubingah lagi memeni..dasare Naryo naksir rubingah,,Ndelalah ngepasi weruh Rubingah lagi memeni Naryo nggaya..celuk2 Rubingah… • Naryo : Ruuuuuuuubbbingaaahh…. • Rubingah : nopo mas naryo…kok mlayu2..nggayamen biasane ratau olahraga..mending koe ngewangi aku memeni mas hahahaha • Naryo : aku ora olahraga rub..aku selak di nteni pak njaeni… jare arep di kek'i gawean.. • Rubingah : oalah mass mass ndarakku olahraga,,yo kono mas lak ndang mangkat.. lhakok malah jagongan,,, mumpungane enek sing nawani gawean yo lak di nyangi mas,,po ra pengen rabi eg,,hahahaha • Naryo : Oh iyo rub, mal...