Langsung ke konten utama

Gagal Rabi







Gagal Rabi


 Yen rabi yo rabi wae orasah gagal,gagal ki ora enek urusane karo rabi.Opo enek gagal rabi? yoraenek...gagal rabi yo berarti ora sido rabi...nek sido rabi yo berarti rabi ngono wae...rasah tambah-tambahi gagal.

" Karepmu ki piye to? " 

Lha curhatmu tentang gagal rabi kui piye unsure?

" Lha aku ki orasido rabi kok,calonku kinthil wong liyo ! "

Haduh mbak-mbak piye kowe ki? maksute gagal ki piye to?

" Gagal ki yo nggak jadi to mas,rasido ! ah mboh !"

Lha yen soal rabi dan sebagainya iki aku rakenal gagal kok mbak...bagiku gagal ki raenek.

" Lha kowe ngono wong edan "

Aaaah ah ah ah ah ah lha tenan kok jane gagal rabi,salah pilih ngono-ngono ki raenek.Kui ki skenario gur kowe wae sing rangerti.

"Halaaah kowe paling arep sok tau to mas?"

Udu sok tau,ning Mungkin Saja
Begitu,awakedhewe kan gur mungkin,sing pasti dudu awakedhewe.Awakedhewe kan raiso mengelak dari rumus mungkin dan semoga di konteks kerabian iki?

" Horok piye maksute? "

Saiki ngene wae,ketika koe gagal rabi kui sebabe piye gage?

" Lha calonku milih rondho sing luwih sugih soko aku..."

Berarti iki mergo bondho?

" Iyo "

Terus menurutmu kowe gagal rabi mergo sifate calonmu kongono kui ra becik ?

" Yo jane isoh soko salahku juga sih mergo aku ra mampu meyakinkan akan terjaminya hidup masa depanku karo dhekne mergo aku ora sugih.. "

Lha nek kowe mikir ngono kui terus mbak,modaro wae...rasah urip wis percuma kowe urip nek mikirmu ngono kui..wis modar we modaaaar modyaarooo kono

" Ah kowe ki,dijak rembugan kok "

Lha kok isoh ora terjamin masa depanmu mergo kowe ora sugih ki piye mbak?

" Yo nek aku sugih kan enek jaminan to sangu masadepan ngono lho ibarate gen ra kekurangan"

Yowis naknu ngene wae,tak dongakke kowe sugih raumum,terus kowe isoh menjamin masa depane uwong atau kowe isoh gawe uwong merasa terjamin,terus kowe rabi...ning tak dongakke bar rabi kowe setruk opo lumpuh piye?

" Edan kowe ki yo ra ngono tek "

Sing pasti njamin masadepanmu ki sopo to mbak? nek pomo kowe mati pas arep ijab ngono piye?

" Nak omong mbok sing apik wae edan kowe ki ngonomen "

Lha yo.. njajal gagasen sik kuwi...

" Yo gusti pangeran to"

Lha iyo kowe ki mampumu opo to? njoman njamin ? tangan gur disilihi,sikil gur di silihi njoman njamin ngglelengmen kowe.

" Iyo jane "

Pisan ngkas yo mbak,awakedhewe ki gur mungkin,sing pasti ki gur pangeran iki konteks rabi iki lho.mehno kowe meteng dhisik ki yo mung mungkin kowe di rabi dhekne,mungkin ora dirabi dhekne,pasti dirabi ning terus di cerai,pasti dirabi dadi lan apik'e.. mungkin to?

" Ih iyo ig yo..masuk masuk,terus piye? "

Terus kowe isih mikir kowe ki gagal rabi mbak?

" Yoiyo to ! genah gagal orasido."

Pernah ora kowe berpikir kuwi dudu kasus gagal rabi,ning kui kasus,Gusti Pangeran menehi sandhangan anyar,ilmu pengetahuan anyar,Pondhasi kekuatan anyar nggo atimu.

" Maksute piye kok ati? kowe lak yo wis pernah to gagal rabi ?"

Maksute haha yo aku wis pernah koyo kowe dengan penyebab yang sama...iki rumus sing tak temukan ketika itu.Dadi terserah meh mbok gagas yo orapopo,ora yo orapopo...ayo njajal pisan-pisan edan mikir kuwalik soko kasus sing terjadi,,,njajal yo mbak...misale kowe gagal rabi mergo calonmu luwih milih rondho sugih,ayo njajal di kepung iki kasuse,mungkin karena calonmu matre,mungkin karena kowe ora meyakinkan dan membuat dhekne merasa terjamin,mungkin mungkine okeh nek di mungkinke raono entek'e...ning enek kemungkinan siji sing rodo nyrempet ning melegakan walaupun rodo rekoso.

" opo kuwi? "

Mungkin Gusti Pangeran menehi ilmu baru nggo kowe,kekutan baru nggo kowe...mergo kalah sugih iki mau to?mungkin Gusti Pangeran lagi mbangun pondhasi kekuatan atimu dadi saiki posisine atimu ki wis di latih,di sandhangi,di wenehi pondhasi sesuk nek di goyang gempa kalah sugih ki kowe wis ra edan,wis ra mungkin roboh meneh,wong wis di wenehi ilmune wis di bangunke pondhasine kui mau kok...

" Iyo jane ning tetep isih loro atiku "

Kapan mbak?

" saiki "

Mungkin ora nek secara tiba-tiba Gusti Pangeran ki nguncalke wineh tresno neng atimu kanggo aku sesuk ngono wae..

" Hih pedhe ! yo mungkin sih... "

Lha yo .. mbok mikir ki ngono wae.. ora setres...nek unggul-unggulan donya yo raono entekke eg..kui iseh enek mungkin sing rodo nyrempet meneh paling kowe ngerti.

" Mungkin Gusti Pangeran lagi menehi aku pertolongan,menehi ngerti sifate dheken sing asli mumpung rung sido keterusan? "

Lha ning nek kuwi lak iseh enek unsur nyalahke dhekne to? ra apik ngono ki..

" haha iyo yo nek rumus temuanmu mau netral sih... "

Mbok uwis mbak kowe ki tak rabi wae...

" Hekkkkk emoh kowe elek "

hahahaha yowis ambung sithik...

" Edyaaaaaaan "

Halaaahh wingi lak to kerep ambung-ambungan to karo calonmu? podho-sing lambe pethuk lambe we kok

" WONG EDAAAAN "

Komentar

Postingan populer dari blog ini

KORBAN JAGAL BAYARAN

 Saben dina,saben teka wayah wengi.Aku lan tunggal sak bangsaku padha digawe geger,di opyak - opyak kantentremanku.Ora kana ora kene,sak ngendi-ngendi parane,getih pating dlewer,nyawa ucul okehe ra kena diitung.  Aku lahir tanpa ngerti sapa bapakku sapa ibuku,kat cilik aku wis awor diopeni karo tunggal-tunggalku.Kebutuhan pangan ora tau kekurangan,aku kepitung cukup.Vitamin ora kendhat,vaksin anti penyakit yo ora kurang,panggonan yo ajeg resik tanpa kudu resik-resik,wis enek sing dijatah ngresikki.  Aku lan tunggal-tunggalku saben dinane yo mung kepenak,ana sing ngasuh.Saben ndinane disetelake lagu-lagu,yo kadhang pengasuh-pengasuh kui mau ana sing ora pener anggone nyambut gawe,nanging ora dadi masalah aku lan tunggal-tunggalku tetep kepenak.  Tengah wengi nalikane aku lan tunggal-tunggalku turu,aku krungu swara gemuruh,rada kantrog aku banjur tangi,nyawang kahanan biasa-biasa wae,malah enek tunggalku sing lagi mangan,aku bali turu meneh saking ngantuke. ' jeglek br...

NGLAMAR DEK NUR

NGLAMAR DEK NUR --------------------------------- " Yuh rasane dek lego tenan rasane atiku..."  Saka dongane wong akeh..sing akhire di kabulake Gusti Pangeran,wengi kui wong sak desa pada sukuran bareng-bareng nggodhog talok.Slondhok sing kondhang juragan talok neng ndesone yo melu sumbangsih talok 3kg mergo lagi podho seneng kabeh wong sakdeso.Koyo-koyo kukul sing mentheng-mentheng akhire mecothot,lego. ----------------------------------  -Slondhok : weeeee nyo ki tak kekki talok 3 kilo di godhog bareng yo caah ! (.karo sumringah kae sing ngulungke ) -Jumanto  : yooo sippp ning jane ngene iki ki pendhak dina ndhok.. -Slondhok : hayo pendhak dina gundhulmu kui hahahaha iki wis aku melu seneng Ngatemin sido lamaran haha,wis sik kono yo,podho di penakke...aku tak glidhik sik.. -Jumanto : turnuwun lho ndhok kowe pancen jos.. -Lastri : iyo masss apikan men gelem ngekki talok yuuuuuuhh .. -------------------------------------.  Wengi kui kabeh wong podho sene...

NARYO JURAGAN KRAMBIL

………………………………….. (Naryo tangi turu..dewekke langsung mlaku menyang sumur mburi omah.). • Naryo : wah iki gawat,lehku tangi kawanan..selak nenggone pak njaeni sisan.. hmmmm (Naryo banjur cepet2 adus lan salin mergone selak nenggone pak njaeni nyambut gawe) “ PLEK PLEK PLEK PLEK PLEK “ suworo sandal suwalone Naryo,,Naryo mlayu mergo selak pekewuh karo pak njaeni…neng tengah dalan Naryo weruh Rubingah lagi memeni..dasare Naryo naksir rubingah,,Ndelalah ngepasi weruh Rubingah lagi memeni Naryo nggaya..celuk2 Rubingah… • Naryo : Ruuuuuuuubbbingaaahh…. • Rubingah : nopo mas naryo…kok mlayu2..nggayamen biasane ratau olahraga..mending koe ngewangi aku memeni mas hahahaha • Naryo : aku ora olahraga rub..aku selak di nteni pak njaeni… jare arep di kek'i gawean.. • Rubingah : oalah mass mass ndarakku olahraga,,yo kono mas lak ndang mangkat.. lhakok malah jagongan,,, mumpungane enek sing nawani gawean yo lak di nyangi mas,,po ra pengen rabi eg,,hahahaha • Naryo : Oh iyo rub, mal...