Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari 2017

Gagal Rabi

Gagal Rabi  Yen rabi yo rabi wae orasah gagal,gagal ki ora enek urusane karo rabi.Opo enek gagal rabi? yoraenek...gagal rabi yo berarti ora sido rabi...nek sido rabi yo berarti rabi ngono wae...rasah tambah-tambahi gagal. " Karepmu ki piye to? "  Lha curhatmu tentang gagal rabi kui piye unsure? " Lha aku ki orasido rabi kok,calonku kinthil wong liyo ! " Haduh mbak-mbak piye kowe ki? maksute gagal ki piye to? " Gagal ki yo nggak jadi to mas,rasido ! ah mboh !" Lha yen soal rabi dan sebagainya iki aku rakenal gagal kok mbak...bagiku gagal ki raenek. " Lha kowe ngono wong edan " Aaaah ah ah ah ah ah lha tenan kok jane gagal rabi,salah pilih ngono-ngono ki raenek.Kui ki skenario gur kowe wae sing rangerti. "Halaaah kowe paling arep sok tau to mas?" Udu sok tau,ning Mungkin Saja Begitu,awakedhewe kan gur mungkin ,sing pasti dudu awakedhewe.Awakedhewe kan raiso mengelak dari rumus mungkin dan semoga di kont...

NGLAMAR DEK NUR

NGLAMAR DEK NUR --------------------------------- " Yuh rasane dek lego tenan rasane atiku..."  Saka dongane wong akeh..sing akhire di kabulake Gusti Pangeran,wengi kui wong sak desa pada sukuran bareng-bareng nggodhog talok.Slondhok sing kondhang juragan talok neng ndesone yo melu sumbangsih talok 3kg mergo lagi podho seneng kabeh wong sakdeso.Koyo-koyo kukul sing mentheng-mentheng akhire mecothot,lego. ----------------------------------  -Slondhok : weeeee nyo ki tak kekki talok 3 kilo di godhog bareng yo caah ! (.karo sumringah kae sing ngulungke ) -Jumanto  : yooo sippp ning jane ngene iki ki pendhak dina ndhok.. -Slondhok : hayo pendhak dina gundhulmu kui hahahaha iki wis aku melu seneng Ngatemin sido lamaran haha,wis sik kono yo,podho di penakke...aku tak glidhik sik.. -Jumanto : turnuwun lho ndhok kowe pancen jos.. -Lastri : iyo masss apikan men gelem ngekki talok yuuuuuuhh .. -------------------------------------.  Wengi kui kabeh wong podho sene...

SRI PAMIT

SRI PAMIT ------------------------------ "Yungalaaaahh ayu tenan" ( Tanpo nyuworo karo mlaku alon-alon,Suroso nginjen Sri sing lagi isah-isah neng sumur mburi omah,wis nemu posisi penak nggo nyawang Sri,Suroso langsung nglesot karo gelang-geleng ndeloki Sri) " Sriii srii hmmm sayange kowe ki wong elit Sri,lha aku wong mlirit keciriiiit ( mesam-mesem ) ------------------------------ ( soko kadohan Mbah gower nyurung gluthuk bali ngarit ngerti Suroso lagi nginjen Sri langsung nyelehke gluthuk'e marani Suroso,karo ndhungkruk-ndhungkruk Mbah gower mekongkong neng pinggire Suroso wong loro dho mat-matan,Suroso pekewuh raumum rumangsane arep di apak-apakke Mbah gower,lha konangan sing nginjen Sri og ) ------------------------------ ( Wong loro kui mau dho umak-umik,bisak-bisik,glenak-glenik ) - Mbah gower : So kowe nopo neng kene ? - Suroso : mboten nopo-nopo mbah hkhkhkhk - Mbah gower :  o lha doboool doboool nginjen kok wong isah-isah sooo sooo ra kelas, - Su...